Bilirubin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bilirubin (Inggris: bilirubin, hematoidin) ya iku senyawa pigmen awerna kuning kang minangka kasil katabolisme enzimatik biliverdin déning biliverdin reduktase. Oksidasi bilirubin ngasilaké biliverdin manèh, saéngga mènèhi atribut antioksidan ing senyawa kimia iki ing fisiologi selular, kajaba GSH.[1] Bilirubin ya iku penghambat respon sel T CD4+, dhuwuré rasio serum bilirubin bakal ngindhuksi apoptosis sèl T CD4+ mau, saéngga bilirubin dianggep bisa mandhegaké lelara otoimun kaya ta sklerosis multipel.[2]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Bilirubin iku pigmen kang diculaké nalika sèl-sèl getih abang (eritrost) dipecah.[3] Padtan bilirubin diprosès lan ditokaké déning ati.[3] Tingkat kaluwihan bilirubin ing getih (hiperbilirubinemia) bisa ngindhikasi karusakan ati lan bisa njalari lelara kuning.[3] Penyakit kuning ya iku lelara kang ditandhani kulité kuning, mripat dadi putih, warna tinja pucet, lan uyuh peteng.[3] Tingkat bilirubin normal ya iku sangisoré 1,3 mg.[3]