Batur tukon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Batur tukon utawa ing krama réncang tumbas iku fénoména kukum utawa ékonomi ing ngendi prinsip sistim kukum kapamilikan ditrapaké marang manungsa. Dadi manungsa iku éwoning bandha kang bisa diduwèni, didol lan dituku. Banjur wong kang dadi batur tukon ora bisa njabel kaanan iki kanthi sapéhak. Manawa siji wong iku dadi batur tukon, kang duwèni ndarbèni hak kinèrjané si batur tukon tanpa perlu mbayar gaji awaké. Hak-hak lan pangreksané si batur tukon bisa diatur déning undhang-undhang utawa adat ing siji wektu utawa papan, lan siji wong bisa dadi batur tukon sawisé dicekel, dituku utawa wiwit lair.
Saiki iki, kaanan batur tukon wis dilarang ing kabèh nagara sadonya, nanging siji wong bisa kahanggep batur tukon manawa wong iku dipeksa nyambut gawé kanggo wong liya tanpa nduwé daya bisa njabel aturan iki kanthi sapéhak. Kaanan kaya mengkéné iki kerep diarani "praktèk mèmper batur tukon". Wujud mutakir padagangan batur tukon lumrahé diarani slundupan manungsa.
Batur tukon iku wis ana ing mangsa prasajarah lan ugi ana ing akèh kabudayan. Mbiyèn praktèk iki diakoni minangka lembaga absah déning akèhé maskapé utawa masarakat, nanging saiki dilarang ing kabèh nagara.[1][2] Sing pungkasan nglarang iku Mauritania ing taun 2007. Nanging sanadyan mangkono praktèk iki isih lestari minangka utang, batur kang dikurung, bocah-bocah kang diadopsi lan dipeksa nyambut gawé, prajurit bocat, slundupan manungsa, lan kawin peksa.[3] Diprakirakaké jaman saiki, gunggungé batur tukon paling akèh sajeroning sajarah manungsa, cacahé sadonya ana sakiwa-tengené 45 yuta.[4]