Basa Èslan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Èslan( íslenska (pitulung·info)) iku basa Jermanik Lor lan basa ing nagara Èslan. Basa iki kalebu kulawarga basa Indo-Éropah ing cawang Jermanik Lor utawa Nordhik sajeroning kulawarga basa Jermanik. Duk nguni, basa iki dadi basa Indo-Éropah paling kulon sadurungé ana kolonisasi Amérika. Basa Èslan, Faru, Noren, lan Nurwègen Kulon nunggal kulawarga basa Nordhik Kulon; dalah basa Dhénemarken, Nurwègen Wétan, lan Swédhen nunggal kulawarga basa Nordhik Wétan. Basa Nurwègen Anyar Bokmål kaprabawani rong golongan iku, kang nuli njalari kulawarga basa Nordhik kapérang dadi golongan basa Skandhinavia dharatan lan golongan basa Nordhik Kapuloan (kalebu basa Èslan).
This Artikel iki kaca lola, amarga ora ana artikel liya sing nggayut kaca iki. Mangga wènèhi pranala nyang kaca iki lumantar artikel-artikel magepokan. (Oktober 2016) |
Basa Èslan | ||
---|---|---|
íslenska | ||
Pronunciation | ['i:s(t)lɛnska] | |
Dituturaké ing | Èslan | |
Gunggung panutur | 330.000 | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | Latin (Alfabèt Èslan) Braille Èslan | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Èslan | |
Regulated by | Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan minangka panaséhat | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | is | |
ISO 639-2 | ice (B) Cithakan:Infobox Language/terminological | |
ISO 639-3 | isl | |
Jagat panyatur basa Èslan: laladan basa Èslan minangka basa mayoritas laladan basa Èslan minangka basa minoritas tur wigati
|
Pérangan gedhé basa-basa Éropah Kulon wis akèh sudané ing tataran inflèksi, mligi babagan dhéklinasi tembung aran. Nanging sawaliké, basa Èslan isih memetri paramasastra sintètik patang kasus kang mandi, nanging adoh luwih konservatif lan sintètik tinimbang, basa Jerman. Awit basa Èslan ana ing kulawarga Jermanik, kang sakabèhé wis suda ing babagan sistem kasus Indo-Éropah, ala duluné yèn nyandhingaké paramasastra Èslan karo tunggal-tunggalé saka kulawarga basa Baltik lan Slavik kang luwih konservatif sajeroning kulawarga basa Indo-Éropah, isih memetri kasus nganti cacah enem utawa punjul. Basa Èslan kaciri saka warna-warna dhéklinasi nirajeg. Basa Èslan uga ngemu akèh conto kasus mèncèng tanpa tembung pangatur, kaya déné basa Latin. Contoné, akèh saka pirang-pirang kasus ablatif Latin kang sapasang karo kasus datif Èslan. Konservatisme basa Èslan lan isomorfisme dhengketé karo basa Norse Kuna (kang diistilahaké basa Èslan Kuna déning para linguis) ateges wong Èslan saiki isih gampang maca Eddas, saga, lan karya sastra Norse Kuna liyané kang dianggit nalika abad ping sepuluh tekan telulas.
Mayoritas panyatur basa Èslan, watara wong 320.000, urip ing nagara Èslan. Punjul wong 8.000 panyatur basa Èslan manggon ing Dhénemarken,[1] kang udakara 3.000 ing antarané mono minangka siswa utawa mahasiswa.[2] Basa iki uga dicaturaké déning udakara wong 5.000 ing Amérikah Sarékat[3] lan punjul wong 1.400 ing Kanadha.[4] Cacah jiwa panyatur basa Èslan gedhé dhéwé kang urip ing jaban rangkah Èslan ya iku ana ing Manitoba, mligi Gimli (Gimli iku tembung Norse Kuna ateges 'swarga').
Masiya 97% cacah jiwané ngakoni yèn basa Èslan minangka basa ibuné,[5] basa iki mendha panganggoné ing sawenèh bebrayan ing jaban rangkah, mligi ing Kanadha. Panyatur basa Èslan sajabaning nagara Èslan katon gedhé angka èmigrasiné ing samubarang kajaba ing Gimli, kang wis didunungi kawit 1880-an tekan sapréné.
Badan Árni Magnússon tumrap Kajian Èslan minangka sasana kanggo ngupakara babon-babon Èslan tengahan lan nyinaoni basa lan sastrané. Paheman Basa Èslan, kang dumadi wakil-wakil universitèt, seniwan, jurnalis, guru, lan Kamantrian Budaya, Kawruh, lan Wiyata, wènèh wewenang ngenani naya basa. Kawit 1995, saben 16 Novèmber, tanggal lairé pujangga abad ping 19 Jónas Hallgrímsson iku dibiwada minangka Dina Basa Èslan.[5][6]