From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Tambora iku basa non-Austronésia (Papuah) sing tau digunemaké ing sakiwa-tengené Ujung Sanggar, Pulo Sumbawa. Basa iki karan ora lumrah amarga sanajan kagolong basa Papuah, basa Tambora digunemaké ing kabudayan lan praja maritim sing pernahé ing tengah-tengahé Nusantara (saiki Indonésia), cedhak Pulo Bali tur malah adoh sakuloné Pulo Papuah. Mulané, basa iki ingaran basa Papuah sing pernahé kulon dhéwé.[1] Sing ora lumrah liyané ya iku basa iki kalebu basané praja dagang maritim kaya déné basa-basa Papuah sing dienggo ing praja Ternaté lan praja Tidhoré ing cedhak Pulo Halmahéra. Basa lan kabudayan Tambora cures amarga panjeblugé Gunung Tambora ing taun 1815.
Tambora | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Sumbawa | |
Language extinction | 1815 | |
Rumpun basa | durung kapantha, bokmanawa kagolong basa Papuah kanthi dhedhasar tetembungan dhasar sing ana | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | – | |
ISO 639-3 | xxt | |
|
Saka tembung-tembungé, basa iki katitik yèn dudu basa Austronésia. Pratélan tembung-tembung basa Tambora tau katulis ing cathetané Raffles sing panulisé sadurungé Gunung Tambora njeblug ing taun 1815. Pratélan iki ngamot sithik tembung silihan saka basa-basa Austronésia.
Ing pratélan ngisor iki[1], ⟨ng'⟩ kaanggep minangka trankripsiné [ŋ] lan ⟨dj⟩ trankripsiné [dʒ]. Banjur garis sambungan iku bokmanawa nglambangaké tandha hamzah [ʔ]. Ana rong tembung sing cetha silihan saka basa Malayu. Zollinger (1850) uga ngandharaké sawatara tembung sing bokmanawa uga tembung silihan saka basa Austronésia liyané. Tambora mono punjering dedagangan lokal, mulané sawatara tembung silihan pancèn wis kinira. Basa Tambora dinuga duwé gegayutan génétis karo kulawarga basa Timor-Alor-Pantar[1].
Tambora | glos | Tambora | glos |
---|---|---|---|
seena (AN?) | 'siji' | maimpo | 'sikil' |
kálae | 'loro' | kiro | 'getih' |
nih | 'telu' | kóngkong | 'dina' |
kude-in | 'papat' | tádung | 'wengi' |
kutélin | 'lima' | kidjum | 'turu' |
báta-in | 'enem' | sílam | 'mati' |
kúmba | 'pitu' | si-yang (Z: Malayu?) | 'putih' |
koného | 'wolu' | naido | 'ireng' |
láli | 'sanga' | sámar | 'apik' |
saróne | 'sepuluh' | gonóre | 'bala' |
sisaróne | 'rongpuluh' | maing'aing | 'geni' |
simári | 'satus' | naino (Z: Madura) | 'banyu' |
doh (Bima) | 'manungsa' | gónong (Z: Malayu?) | 'bumi' |
sia-in (Z: Sanggar) | 'wong lanang' | ilah | 'watu' |
óna-yit | 'wong wadon' | kíwu | 'babi' |
homóri | 'bapak' | kilaíngkong | 'manuk' |
yelai | 'ibu' | andik (Z: Jawa) | 'endhog' |
kokóre | 'sirah' | karáyi | 'iwak' |
saing'óre | 'mata' | ingkong | 'srengéngé' |
saing kóme | 'irung' | mang'ong | 'wulan' |
búlu (Malayu) | 'wulu, rambut' | kingkong | 'lintang' |
sóntong | 'untu' | mákan (Malayu) | 'mangan' |
sumóre | 'weteng' | hok-hok (Z: Jerman?) | 'lungguh' |
taintu (Timor?) | 'tangan' | moríhoh (Sanskrit?) | 'Hyang' |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.