From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Rawas ya iku sawiji basa kang ana ing wewengkon Musi Rawas lan Musi Rawas Lor, Propinsi Sumatra Kidul[1]. Basa iki dadi dhialek Basa Musi miturut Ethnologue[1], nanging ana uga kang nyebutké basa iki minangka basa dhèwé. Basa Rawas dumadi saka telung dhialék gèografis utama ya iku, dhialék Rupit ing kutha Muara Rupit, dhialék Rawas Ulu ing kutha Surulangun, lan dhialék Rawas Ilir ing kutha Bingin Teluk[2]. Catu basa Rawas ing telung dhialék iki dumasar saka wewengkon panganggo basa Rawas kang nyakup telung kecamatan ya iku kecamatan Rupit, Rawas Ulu, lan Rawas Ilir. Cacah panyatur basa iki ana 91.098 wong ing taun 1985. Basa iki isih dadi basa pasrawungan ing antara wong Rawas. Sanajan nganggo basa Rawas ing antara wong Rawas, nanging ing pekumpulan sing ora resmi baé. Ing pasamuwan-pasamuwan sosial resmi nganggo Basa Indonésia. Wong Rawas uga nganggo basa Indonesia, Basa Malayu Palémbang, utawa basa Musi nalika ngendikan karo wong liyan sing jaba daérah Rawas. Wong-wong Rawas kang dhuwé pendhidhikan dhuwur malah luwing sering nganggo basa Indonesia baé tinimbang basa Rawas utawa campuran[2].
Basa Melayu Tengah | ||
---|---|---|
Basa Rawas | ||
Dituturaké ing | Indonesia | |
Wilayah | Sumatra Kidul | |
Gunggung panutur | 2.350.000 (2007) | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | – | |
ISO 639-3 | pse | |
|
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.