Basa Ilokano
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Ilokano (cara Ilokano: Pagsasao nga Ilokano) iku basa Filipina kang cacahé panyaturé akèh dhéwé angka telu sawisé basa Tagalog lan basa Cebuano.
Ilokano | ||
---|---|---|
Iloko, Iluko, Pagsasao nga Ilokano | ||
Dituturaké ing | Filipina | |
Wilayah | Luzon Lor lan manéka papan ing Luzon Tengah | |
Gunggung panutur | 9,1 yuta | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2
| |
Sistem tulisan | Latin (alfabèt Ilokano), Aksara Braille Ilokano biyèn nganggo aksara Baybayin | |
Status resmi | ||
Basa resmi ing | Basa enggon-enggonan ing Filipina Basa enggon-enggonan resmi ing Provinsi La Union[1] | |
Regulated by | Komisyon sa Wikang Filipino | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | ilo | |
ISO 639-3 | ilo | |
Tlatahé panyatur basa Iloko miturut Ethnologue[2]
Tlatah kang disetrip iku tlatah panyatur dwibasa Ilokano lan Itneg ing Provinsi Abra
|
Basa iki kalebu kulawarga basa Austronésia, lan seduluran karo basa Malayu, Indonésia, Tetun, Chamorro, Fiji, Maori, Hawaii, Samoa, Tahiti, Paiwan, lan Malagasi. Basa iki uga seduluran karo kulawarga basa Luzon, mligané kang ana ing iring lor, lan saèmper basa Balangao lan dhialèk-dhialèké basa Bontoc iring wétan.[3]
Ing wulan Sèptèmber 2012, Provinsi La Union ngesahaké basa Ilokano (Iloko) minangka salah sawijining basa enggon-enggonan resmi saliyané basa Inggris lan Filipino (Tagalog).[1] Provinsi iku uga provinsi ing Filipina kang pisanan ngesahaké pepacuh kanggo ngayomi lan nguri-uri basa asli, sanajan ana uga basa-basa liyané kang dicaturaké ing La Union, kaya ta basa Pangasinan lan Kankanaey.[1]