Basa Hogkyen
From Wikipedia, the free encyclopedia
Basa Hogkyen (Ind: Hokkien, Hokkian) (Aksara Kan: 福建 Fújiànhuà; Pe̍h-ōe-jī: Hok-kiàn-ōe) yaiku salah sawiji jinising basa sing ana nagara Cina. Basa Hogkyen uga karanan basa Minnan ( 閩南語) utawa basa Cwancyang (Quanzhang 泉漳) dening juru basawidya. Basa Hogkyen kalebu ing basa sing manggon ana ing laladan kidul Cina yaiku Min Kidul (Minnan) sing ana ing kidul wetaning propinsi Fujian, Cina Kidul Wetan. Dadi, basa Hogkyen kalebu basa dhewe lan kalebu ing basawangsa Min.
Panutur carabasa Cwancyang ngarani basa Min Kidul:
- Bân-lâm-gú / Bân-lâm-ōe (闽南语/闽南话; 閩南語/閩南話, tegese basa utawa omonganing Min Kidul) ing nagara Cina lan Taywan[1].
- Tâi-gí (臺語, tegese basa Taywan) or Hōló-ōe/Holo-ue (河洛話, tegese omonganing Hoklo) ing Taywan.
- Lán-lâng-ōe (咱儂話, tegese omonganing wong kita) ing Pilipin.