Badminton ing Olimpiade 2008
From Wikipedia, the free encyclopedia
Cithakan:Infobox Kompetisi Ulah raga
Bali menyang: Olimpiade 2008.
Badminton iku salah siji cabang ulah raga sing dilombakaké ing Olimpiade 2008 ing Beijing. Tetandhingan-pertandingané dianakaké ing Gelanggang Ulah raga Universitas Teknologi Beijing wiwit tanggal 9 nganti 17 Agustus. Gunggung 172 atlet tetandhingan ing cabang ulah raga iki.[1]
Turnamen iki migunakaké sistem eliminasi. Tetandhingan lumaku telung set, lan migunakaké sistem anyar:
- butuh 21 angka supaya menang, tunggal utawa gandha, priya, wanita, lan campuran.
- kaloro pihak bisa nyithak angka sanadyan ora nglakoni servis (kaya déné ing ulah raga tenis méja)
- istirahat 1 menit yèn salah siji juru main nggayuh angka 11
- kamenangan ditentokaké yèn nggayuh angka 21 nganti 30 luwih dhisik kanthi béda 2 angka.
Sistem anyar iki kadayan déning lobi perusahaan-perusahaan televisi sing duwé peran wigati sajeroning mopulèraké badminton. Perusahaan iki sambat amarga sak set sajeroning sistem lawas iku kedawan lan iklan televisi mung ditampilaké ing antarané sèt, jeda iku uga dianggep kedawan kanggo ukuran iklan televisi, amarga dawané wektu istirahat saben sèt 5 menit. Kanthi aturan anyar, iklan bisa tampil luwih kerep lan suwéné 1 menit saben iklan, sing dianggep luwih efektif.
Peraih medali | Urutan nagara | Tunggal putra | Tunggal putri | Gandha putra | Gandha putri | Gandha campuran