Badan SAR Nasional
From Wikipedia, the free encyclopedia
Badan SAR Nasional (dicekak Basarnas) ya iku Lembaga Pamaréntah Non Kementrian Indonésia kang duwèni tugas saka pamaréntah ing pérangan golèk lan nulung (search and rescue/SAR) ing bencana.[1] Basarnas duwèni tugas pokok pembinaan, koordinasi, lan kendali potensi SAR ing kagiyatan SAR nulung wong lan material kang ilang utawa dikhawatirké ilang utawa ana bebaya ing pelayaran utawa penerbangan, lan uga nulung ing bencana lan musibah liyané kang trep karo aturan SAR nasional lan internasional.[1] Sajarah Basarnas dimulai nalika metu Dudutan Présidhèn No 11 Taun 1972 tanggal 28 Fèbruari 1972 ing bab Badan SAR Indonesia (BASARI), kang duwé tugas pokok nangani musibah kacilakaan lan pelayaran.[1] BASARI duwé tanggungjawab marang Présidhèn lan minangka pelaksana ing lapangan dipasrahké ning PUSARNAS (Pusat SAR Nasional) kang dibawahi pejabat saka Departemen Perhubungan.[2]
Badan SAR Nasional | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | Basarnas |
Situs web | |
http://www.basarnas.go.id/ | |
Dadi jelas tugas lan fungsi SAR ya iku tetulung ing musibah pelayaran lan/utawa penerbangan, lan/utawa musibah liyané.[2] Tugas kang dikarepaké ana 2 ya iku golèk (search) lan nulung (rescue).[2] Ing sajeroning tugas ing musibah pelayaran lan penerbangan uga kudu trep karo IMO lan ICAO.[2]
Kantor SAR Kelas A:
- Kantor SAR Medan
- Kantor SAR Jakarta
- Kantor SAR Surabaya
- Kantor SAR Denpasar
- Kantor SAR Makassar
- Kantor SAR Biak
- Kantor SAR Manado
- Kantor SAR Padang
- Kantor SAR Semarang
Kantor SAR Kelas B:
- Kantor SAR Banda Acèh
- Kantor SAR Pekanbaru
- Kantor SAR Tanjung Pinang
- Kantor SAR Pangkal Pinang
- Kantor SAR Palembang
- Kantor SAR Palu
- Kantor SAR Pontianak
- Kantor SAR Banjarmasin
- Kantor SAR Balikpapan
- Kantor SAR Ternate
- Kantor SAR Kendari
- Kantor SAR Kupang
- Kantor SAR Mataram
- Kantor SAR Ambon
- Kantor SAR Jayapura
- Kantor SAR Sorong
- Kantor SAR Timika
- Kantor SAR Merauke
- Kantor SAR Bandung
- Kantor SAR Jambi