From Wikipedia, the free encyclopedia
Asetilena (Jeneng sistematis: etuna) iku siji hidrokarbon kang kagolong ing alkuna, mawa rumus C2H2. Asetilena wujud alkuna kang paling prasaja, amarga mung kapérang saka rong atom karbon lan rong atom hidrogen. Ing asetilena, kaloro karbon kaiket liwat ikatan rangkap telu, lan saben atom karbon duwé hibridisasi orbital sp kanggo ikatan sigma. Iki njalari patang atom ing asetilena manggon ing siji garis lurus, kanthi sudhut C-C-H 180°.
Asetilena | |
---|---|
Jeneng umum | Asetilena |
Jeneng sistematis | Etuna |
Rumus kimia | C2H2 |
Massa molar | 26.0373 g/mol |
Angka CAS | 74-86-2 |
Massa jinis | 1.09670 kg/m3 (gas) |
Suhu autosulutan | 305 °C |
Ambang jeblugan | 2.5–82% |
Suhu maksimumpangobongan | 3300 °C |
Titik lebur | -84 °C |
Titik didih | -80.8 °C |
SMILES | C#C |
NFPA 704 | Cithakan:NFPA 704 |
PubChem | 6326 |
EINECS | 200-816-9 |
Sangkalan umum lan réferènsi | |
Asetilena tinemu déning Edmund Davy taun 1836, kang nyebut karburet anyar saka hidrogen. Jeneng asetilena diwènèhaké déning kimiawan Prancis Marcellin Berthelot, taun 1860. Nalika taun 1812, siji jeblugan asetilena njalari fisikawan Gustaf Dalén wuta, kang banjur ing taun kang padha olèh bebungah Nobel ing babagan fisika.[1]
Bahan utama panggawéan asetilena ya iku kalsium karbonat lan batubara. Kalsium karbonat diowahi luwih dhisik dadi kalsium oksida lan batubara diowahi dadi areng, lan kaloroné direaksikaké dadi kalsium karbida lan karbon monoksida,
Kalsium karbida (utawa kalsium asetilida) banjur direaksikaké karo banyu kanthi manéka metode, ngasilaké asetilena lan kalsium hidroksida. Reaksi iki tinemu déning Friedrich Wohler taun 1862.
Sintesis kalsium karbida merlokaké suhu kang dhuwur banget, ~2000 derajat Celsius, saéngga reaksi mau dilakokaké ing njero siji tungku kembang api listrik. Reaksi iki wujud pérangan wigati saka revolusi ing babagan kimia nalika akir 1800-an, kanthi anané proyèk tenaga hidroelektrik ing Grojogan Niagara.
Asetilena uga bisa diasilaké kanthi reaksi pangobongan parsial metana mawa oksigèn utawa kanthi reaksi cracking saka hidrokarbon kang luwih gedhé.
Berthelot bisa gawé asetilena saka metanol, etanol, etilena, utawa eter, kanthi cara ngliwataké gas utawa uwab saka salah siji dat mau liwat tabung abang panas. Berthelot uga nemu asetilena bisa digawé kanthi cara mènèhi kejutan listrik marang gas-gas sianogen lan hidrogen. Panjenengané uga bisa gawé asetilena kanthi ngreaksikaké hidrogen murni lan karbon kanthi langsung kanthi migunakaké tegangan listrik.
Reaksi pirolisis asetilena diwiwiti ing suhu 400 °C(673 K) (cukup asor kanggo hidrokarbon). Asil mligi ya iku dimer vinilasetilena (C4H4) lan benzena. Ing suhu sandhuwuré 900 °C(1173 K), asil utama reaksi ya iku angus (karbon ireng).
Berthelot nuduhaké yèn senyawa alifatik bisa diowahi dadi senyawa aromatik, kanthi manasaké asetilena sajeroning tabung reaksi kang ngasilaké benzena lan sithik toluena. Berthelot uga ngoksidasi asetilena kang ngasilaké asem asetat lan asem oksalat. Panjenengané uga nemu reduksi asetilena karo hidrogen kang ngasilaké etilena lan etana.
Polimerasi asetilena mawa katalis Ziegler-Natta ngasilaké lapisan poliasetilena. Poliasetilena, ranté molekul karbon mawa ikatan tunggal lan gandha selang-seling, wujud semikonduktor organik kang pisanan tinemu; reaksi karo iodin ngasilaké bahan kang konduktif banget.
Walter Reppe nemu yèn asetilena bisa reaksi ing tekanan dhuwur mawa katalis logam abot ngasilaké senyawa-senyawa kang wigati sajeroning indhustri.
Contoné asetilena lan formaldehida ngasilaké 1,4-butunadiol selaras karo reaksi ing ngisor iki, kang dipigunakaké sajeroning indhustri
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.