From Wikipedia, the free encyclopedia
Asam lisergat dietilamida (LSD) wujud sawijining narkotika halusinogen. Obat iki asipat psikedelik saka kulawarga ergolina.
Jeneng sistematis (IUPAC) | |
---|---|
(6aR,9R)- N,N- dietil- 7-metil- 4,6,6a,7,8,9- heksahidroindolo- [4,3-fg] kuinolina- 9-karboksamida | |
Data klinis | |
Kat. kehamilan | X(AU) X(US) |
Status hukum | Prohibited (S9) (AU) Schedule III (CA) ? (UK) Schedule I (US) |
Rute | Oral, Intravena |
Pharmacokinetic data | |
Métabolisme | Ati |
Wektu paro | 3-5 jam[1][2] |
Èkskrèsi | Ginjel |
Pangenal | |
Nomor CAS | 50-37-3 |
Kode ATC | ? |
PubChem | CID 5761 |
ChemSpider | 5558 |
Sinonim | LSD, LSD-25, lisergida, D-asem lisergat dietilamida, N,N- dietil- D- lisergamida |
Data kimia | |
Formula | C20H25N3O |
Massa mol. | 323,43 g/mol |
SMILES | eMolecules & PubChem |
Data fisik | |
Titik lebur | 80 °C (176 °F) |
Ditepungaké déning Sandoz Laboratories (saiki Novartis), kanthi jeneng dagang Delysid, minangka obat kanthi manéka panggunaan psikiatrik nalika taun 1947, LSD énggal dadi agèn terapi sing katon nimbulaké pangarep-arep gedhé.
LSD asipat adiktif (katergantungan) lan toksik (karacunan) lan akèh ditepungi amarga èfèk psikologisé sing njalari katutup/kabukaké mata, karumangsan distorsi wektu, patiné égo lan pagèsèran kognitif sing jero, sarta duwé peran wigati sajeroning kontrabudaya taun 1960.
Dhosis tunggal asem lisergat dietilamida kisarané watara 100-500 mikrogram. Gunggung mau mèh padha karo 1/10 massa sakbulir gesik.
Réaksi fisik ing LSD manéka variasi lan ora spèsifik. Tandha-tandha kaya mangkéné wis dilapuraké: konstraksi rahim, hipotermia, mriyang, munggahé kadar gula getih, mrinding, paningkatan curah jantung, cengkreman rahang, perspirasi, midriasis (dilatasi pupil), prodhuksi ilu lan lendhir, suhad (rasa ora bisa turu), hiperefleksia, lan tremor. Ana sapérangan indhikasi yèn LSD bisa nimbulaké kaanan fuga disosiatif ing wong-wong sing ngonsumsi sapérangan jinis antidepresan tinentu kaya déné garam litium lan trisiklik.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.