From Wikipedia, the free encyclopedia
Asan inggih punika satunggaling kutha Chungcheong Kidul, Korea Kidul. Winatesan kaliyan WIlayah Métropolitan Seoul mangalèr. Asan punika gadhah penduduk kirang lagkung cacahipun 250.000.
Asan 아산 | |
---|---|
Kuthamadya | |
Trankripsi Koréa | |
• Hangul | 아산시 |
• Hanja | 牙山市 |
• Alih Aksara kang Kasempurnakaké | Asan-si |
• McCune-Reischauer | Asan-si |
Papan ing Korea Kidul | |
Country | Koréa Kidul |
Wewengkon | Hoseo |
Pamérangan administratif | 2 eup, 9 myeon, 6 dong |
Laladan | |
• Gunggung | 542,25 km2 (209,36 sq mi) |
Cacah warga (2008.07.31) | |
• Gunggung | 242,575 |
• Pepadhet | 442/km2 (1,140/sq mi) |
• Dhialèk | Chungcheong |
Asan punika kondhang awit saking tuk (mata air) panas lan dados kutha spa. Asan punika sampun tuwuh dados désa tangganipun Onyang-dong, ingkang ugi kondhang minangka sumbering toya panas.
Kutha Asan punika ngginakaken stasiun sepur ingkang daya lajunipun rikat, KTX kaliyan kutha tangganipun inggih punika Cheonan ingkang dipunsebat Stasiun Cheonan-Asan. Mbetahaken wekdal kirang langkung 30 menit kanggé lelampahan saking Asan dhateng Seoul kanthi ngginakaken sepur KTX. Pérangan punika saged dipunlampahi kanthi wekdal 2 jam saking Bandar Udara Internasional Incheon kanthi ngginakaken mobil. Seoul Metropolitan Subway dipundawakaken setunggal baris kanggé layanan Asan nalika tanggal 15 Dhésèmber 2008. Kalih margi utama, Seoul-Busan lan West Coast Expressway, punika ugi ngliwati Kutha Asan.
Perusahaan kados déné Hyundai Motor, Samsung LCD, lan Samsung Electronic gadhah kathah pabrik wonten ing Asan. Wonten 14 kompleks industri samenika ingkang dipunagem déning autoparts, komponèn èlèktronik lan pabrik-pabrik sanèsipun.
Pelabuhan Pyeongtaek, paling celak kaliyan pantai wétan China ing antawisipun port Koréa, mapan wonten ing celakipun Asan.
Asan punika dalem kanggé 5 universitas.
Tiyang-tiyang ingkang kondhang ingkang sesambetan kaliyan Asan punika kalebet Yun Po Sun, mantan Présidhen Korea Kidul.
Admiral Yi Sun-sin, ingkang saged ngasoraken angkatan laut Jepang nalika abad ingkang kaping 16, mapan sedangunipun sapérangan wekdal wonten ing Asan. Sapérangan réplika miniatur saking kapal bulus(kura-kura) ingkang dipundamel déning Laksamana Yi wonten ing pinggiran kutha.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.