![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/jv/thumb/f/fd/Arumi_Bachsin.jpg/640px-Arumi_Bachsin.jpg&w=640&q=50)
Arumi Bachsin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Arumi Bachsin (lair ing Jakarta, 19 Fèbruari 1994; umur 29 taun) ya iku aktris lan model Indonesia. Dhèwèké wiwit kawentar jalaran dadi paraga ing sapérangan sinétron. Sawisé iku, dhèwèké uga mèlu dadi paraga ing filem Bestfriend? nalika taun 2008. Arumi lair ing Jakarta. Wong tuwané Rudy Bachsin, arsitek lan Maria Lilian Pesch. Arumi iku keturunan Palembang-Bengkulu-Jerman lan Walanda.
Sunyata Rikat Pakaryan, Taun aktif ...
Arumi Bachsin | |
---|---|
![]() | |
Pakaryan | aktris, model, presenter |
Taun aktif | 2007 - saiki |
Wong tuwa | Rudi Bachsin (bapak) Maria Lilian Pesch (ibu) |
Tutup
Arumi kang duwé gegayuhan dadi Psikolog iku nduwé prestasi kang apik nalika sekolah. Nalika sekolah dhèwèké lumebu kelas akselerasi ing SMP Tirta Buaran, nanging nalika ngancik SMA, Arumi luwih milih homeschooling jalaran jadwal syutingé akèh.