Ara-ara
palemahan jembar ora tinanduran / From Wikipedia, the free encyclopedia
Ara-ara yaiku palemahan jembar kang ora tinanduran tur ora digarap kanggo sawah lan tegal. Ing karang padésan, ara-ara iki kerep dadi panggon angon sapi utawa panggon dolan bocah angon kaya ta dolanan bal-balan, manjer layangan, golèk jangkrik lan sapanunggalané. Palemahan kang diumbar bera iku racaké amarga kurang banyu kanggo mbudidaya tetuwuhan.
Ing laladan kutha uga kerep tinemu palemahan kang dadi ara-ara. Babagan iki wiyahé amarga anané sulaya hak duwé lemah utawa isih diumbar déning kang duwé lemah sinambi nunggu regané mundhak.