![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/b/b7/Snodgrass_Gryllus_assimilis.png/640px-Snodgrass_Gryllus_assimilis.png&w=640&q=50)
Jangkrik
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jangkrik iku kéwan kang kalebu kulawarga Gryllidae, yaiku jinis gegremet kang isih kerabat karo walang, duwé awak rata lan sungut dawa. Jangkrik iku omnivora, ditepungi mawa swarané kang mung diasilaké déning jangkrik lanang. Swara iki minangka narik jangkrik wadon lan nulak jangkrik lanang liyané. Suwara jangkrik iki saya seru kanthi munggahé suhu ing papan saubengé. Ana watara 900 spésies jangkrik.
Jangkrik | |
---|---|
![]() | |
The common black cricket, Gryllus assimilis | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Arthropoda |
Klas: | Insecta |
Ordho: | Orthoptera |
Subordho: | Ensifera |
Superfamili: | Grylloidea |
Famili: | Gryllidae Bolívar, 1878 |
Subfamili | |
Pirsani Seksi Taksonomi |
Jangkrik wis diingu manungsa kawit biyèn, lan ing Asia dianggep panggawa kabegjan. Ing Caraguatatuba, Brazil, jangkrik ireng ing jeron ruangan dipercaya minangka tenger tekané lelara, jangkrik ijo tengering pangarep-arep, lan jangkrik klawu tetenger dhuwit. Sajeroning komèdi, suwara jangkrik lumrahé dipigunakaké kanggo nengeri lawakan kang ora lucu lan ora gawé wong ngguyu.