![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/87/Anna-pic_napis.jpg/640px-Anna-pic_napis.jpg&w=640&q=50)
Anna
From Wikipedia, the free encyclopedia
Santa Anna, miturut tradhisi Katulik, punika ibunipun Bundha Maria, ingkang wujud ibunipun Yésus Kristus.[1][2] Ing salebetipun buku-buku ingkang dipun-ginakaken tiyang-tiyang Kristen nalika abad kaping 2, nama Santa Anna sampun kawentar.[2] Miturut tradhisi salebetipun palakramanipun kaliyan Santo Yoakhim, awalipun kekalihipun boten énggal patutan.[1][2] Kekalihipun teras sembayang dhumateng Gusti supados saged patutan.[1][2] Santa Anna janji manawi kekalihipun pikantuk putra, mila putra puniku badhé dipunpisungsungaken dhumateng Gusti.[1][2] Pngkasanipun Gusti njawab panyuwunan Santa Anna lan garwanipun, saéngga kekalihipun pikantuk putri ingkang dipunparingi asma Maria.[1][2] Ing tembé wingking Maria bakal ngandhut Yésus Kristus.[2]
![]() |
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Santa Anna | |
---|---|
![]() Kenya Maria lan Yésus, sesarengan Santa Anna | |
Ibunipun Kenya Maria | |
Miyos | {{{birth_date}}} |
Tilar donya | {{{death_date}}} |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma; Gréja Ortodoks; Gréja Anglikan; Gréja Katulik Wétan; |
Dinten pèngetan | 26 Juli |
Atribut | Buku, lawang, sesarengan Maria, Yésus, utawi Yoakhim |
Pangreksa | tukang kayu; anak yatim piatu; éyang kakung lan éyang putri; para ibu; |
![]() |
Santa Anna lan Santo Yoakhim gesang ing Palestina.[2] Perkawis kepripun kagesangan sabendintenipun kekalihipun, boten dipunkawruhi kanthi pesthi.[2] Santa Anna dipunurmati minangka pangreksa kaum ibu.[2]