![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/60/Tower_of_the_Winds_frieze_detail.jpg/640px-Tower_of_the_Winds_frieze_detail.jpg&w=640&q=50)
Anemoi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Anemoi (Grikenlan: Ἄνεμοι) punika para déwa angin wonten ing mitologi Yunani ingkang dados lambang mata angin[1] lan dipunasosiasiaken kaliyan manéka mangsa sarta kawontenan cuaca. Déwa-déwa mau asring dipungambaraken minangka angin utawi priyantun kakung ingkang gadhah swiwi utawi minangka turangga ing kandhang déwa Aiolos. Tiyang sepuhipun inggih punika Astraios lan Eos.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
![](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/60/Tower_of_the_Winds_frieze_detail.jpg/640px-Tower_of_the_Winds_frieze_detail.jpg)
Anggota Anemoi inggih punika Boreas, déwa angin lèr lan ingkang mbeta mangsa adhem ; Notos, déwa angin kidul lan sesambetan kaliyan pungkasan mangsa panas ugi wiwitan mangsa palastra ; Zerifos, déwa angin kilèn lan ingkang mbeta mangsa semi ; lan Euros déwa angin wétan lan wonten gegayutanipun kaliyan mangsa palastra. Ing antawisipun Anemoi, Euros punika satunggaling ingkang boten kasebutaken wonten ing Theogonia lan Himne Orfeus. Kajawi sekawan déwa utami punika, Anemoi ugi kapérang dados manéka déwa angin sanèsipun ingkang nglambangaken angin "barat laut", "timur laut", "tenggara", lan "barat daya". Wonten ing mitologi Romawi, Anemoi kawéntar minangka Venti.