juru main bal-balan saka Dhènemarken From Wikipedia, the free encyclopedia
Andreas Bødtker Christensen (lair 10 April 1996) ya iku juru main bal-balan profésional saka Dhènemarken sing main minangka bèk ing klub Inggris Chelsea F.C. lan timnas Dhènemarken.[3]
Christensen ing klub Chelsea taun 2019 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Andreas Bødtker Christensen[1] | ||
Tanggal lair | [2] | 10 April 1996||
Papan lair | Lillerød, Dhènemarken | ||
Dhuwur | 1.88 m (6 ft 2 in)[2] | ||
Posisi main | Bék | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Chelsea | ||
Angka | 27 | ||
Karir nom | |||
2004–2012 | Brøndby IF | ||
2012–2015 | Chelsea | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2013– | Chelsea | 19 | (0) |
2015–2017 | → Borussia Mönchengladbach (loan) | 62 | (5) |
Tim nasional‡ | |||
2011–2012 | Dhènemarken U16 | 2 | (0) |
2011–2012 | Dhènemarken U17 | 18 | (5) |
2013 | Dhènemarken U19 | 2 | (0) |
2013– | Dhènemarken U21 | 21 | (1) |
2015– | Dhènemarken | 14 | (1) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 1:28, 21 January 2018 (UTC). |
Dhèwèké miwiti karir ing Brøndby lan gabung karo Chelsea nalika umuré 15 ing Fèbruari 2012, nggawé debut profésional ing Oktober 2014.[4] Saka 2015 nganti 2017 dhèwèké disilihaké menyang klub Bundesliga Borussia Mönchengladbach, ing ngendi dhèwèké nggawe 82 penampilan lan nyethak 7 gol.[4] Christensen nggawé debut internasional penuh kanggo Dhènemarken ing Juni 2015.[4]
Lair ing Blovstrød, Dhènemarken, putra mantan kiper Brøndby IF Sten Christensen, dhèwèké miwiti kariré karo Brøndby IF. Dhèwèké ngrampungaké wolung taun ing klub iku, narik kawigatosan klub élit Èropah kaya ta Arsenal, Chelsea, Manchester City, lan Bayern Munich. Ing tanggal 7 Fébruari 2012, Christensen nandhatangani kontrak kanggo Chelsea kanthi transfer gratis, ing pungkasan mangsa André Villas-Boas dadi mènèjer klub. Sawisé gabung karo klub London, Christensen gunem: "Aku milih Chelsea amarga dhèwèké main bal-balan kaya aku."[5]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.