From Wikipedia, the free encyclopedia
Andrea Riccardi (lair 16 Januwari 1950 ing Roma ) iku nimpuna sajarah, profésor, pulitisi, lan aktivis Itali, kang yasa Paguyuban Sant'Egidio. Wiwit 16 Novèmber 2011, dhèwèké lungguh minangka Mantri Tembayatan Internasiyonal ing Kabinèt Monti.[1]
Ing taun 1999, dhèwèké nampa Bebungah Bedhamèn (Peace Prize) Houphouet-Boigny saka Organisasi Wiyata, Ilmiah, lan UNESCO.[2] Ing Novèmber 2004, dhèwèké nampa Bebungah Balzan Internasiyonal babagan Kamanungsan, Bedhamèn, lan Saduluran antaraning Manungsa (International Balzan Prize for Humanity, Peace and Brotherhood among Peoples). Dhèwèké uga tau mulang ing Universitas Sapienza lan Universitas Bari.
Andrea Riccardi uga minangka lid kumité kajèn Fondation Chirac[3] kawit yayasané kayasa rikala 2008 déning manten présidhèn Prancis Jacques Chirac kanggo ngundhakaké bedhamèning jagat. Dhèwèké uga minangka warganing juri tumrap Bebungah Pangéndha Konflik (Prize for Conflict Prevention) rikala 2009[4] kang yayasané saben taun andum bebungan. Kawit 4 Januwari 2013 nganti 16 Mèi 2013 Riccardi kadhapuk minangka Présidhèning[5] parté pulitik Pilihan Rakyat (basa Itali: Scelta Civica cinekak SC) kang minangka parté pulitik tengah.[6]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.