Analisis korélasi
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sajeroning téyori probabilitas lan statistika, korélasi, uga diarani koéfisien korélasi, iku aji sing nuduhaké kakuwatan lan arah gegayutan linièr antara loro pangowah acak (random variable).
Katerangan liyané Korélasi dhuwur, Dhuwur ...
Korélasi dhuwur | Dhuwur | Asor | Asor | Tanpa korélasi | Ora ana korélasi (acak) | Tanpa korélasi | Asor | Asor | Dhuwur | Korélasi dhuwur |
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
−1 | < −0.9 | > −0.9 | < −0.4 | > −0.4 | 0 | < +0.4 | > +0.4 | < +0.9 | > +0.9 | +1 |
Tutup
Salah siji jinis korélasi sing paling populèr yaiku koèfisièn korélasi momèn-prodhuk Pearson, sing dikasilaké saka mara kovarians kaloro variabel kanthi ping-pingan simpangan bakuné. Sanadyan duwé jeneng Pearson, métodhe iki pisanan diwanuhaké déning Francis Galton.