Amérika Kidul
buwana / From Wikipedia, the free encyclopedia
Amérika Kidul punika buwana wonten ing antaraning Samodra Pasifik lan Samodra Atlantik ingkang kasambung kaliyan Amérika Lor ngliwati Tanah Genting Panama. Buwana punika kaliwatan déning garis khatulistiwa, lan sapérangan ageng dhataran buwana kasebat wonten ing wilahan bumi kidul.
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Pérangan kilèn buwana Amérika kidul wujud barisan pagunungan Andes saking lèr dumugi kidul, éwadéné pérangan wétan buwana punika dhataran cendhèk sapérangan ageng wujud basin kali Amazon, kanthi hutan tropis ingkang lebat.
Dipunkinten Amérika Kidul dipunpanggèni sepisanan déning manungsa ingkang migrasi saking Asia ngliwati Tanah Genting Bering (sapunika Selat Bering) tumuju Amérika Lèr lan ngidul tumuju Amérika Kidul. Dipunkinten migrasi tumuju Amérika Kidul punika saking pérangan kidul Samodra Pasifik ngliwali kepuloan ing Oseania.
Wiyaripun Amérika Kidul punika nomer sekawan sasampunipun Asia, Afrika lan Amérika Lèr éwadéné populasinipun wonten ing nomer gangsal sasampunipun Asia, Afrika, Éropa lan Amérika Lèr.