From Wikipedia, the free encyclopedia
Santo Ambrosius (basa Latin: Sanctus Ambrosius, basa Inggris Saint Ambrose, basa Italia: Sant'Ambrogio; urip kira-kira 339-4 April 397), biskop Milan, salah siji biskop kang wigati ing abad kaping 4.[2] Ambrosius iku warga Roma, lair watara taun 339 ing Trier, Jerman, ing lingkungan kulawarga Kristen.[3] Bapaké ya iku gubernur (prefect) Gallia Narbonensis, déné ibuné ya iku wanita intelèk lan salèh.[3]
Santo Ambrosius | |
---|---|
Santo Ambrosius (kiwa) lan Theodosius, déning Pierre Subleyras | |
Biskop, Confessor lan Dhoktor Gréja | |
Miyos | 339 AD, Trier, Jerman |
Tilar donya | 4 April, 397 AD, Milano, Italia |
Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma Gréja Ortodoks Wétan Gréja Ortodoks Oriental Komuni Anglikan Gréja Lutheran |
Papan ziarah utama | Basilika Santo Ambrosius, Milan |
Dinten pèngetan | December 7[1] |
Atribut | Susuh tawon, bocah cilik, cemeti, balung |
Pangreksa | peternak tawon; tawon; panggawé lilin; sato iwèn; Komisariat Prancis; pasinaonan; Milano, Italia; murid; panyuling lilin |
Portal Santo |
Ana sawijining legendha kang nyritakaké yèn nalika isih cilik, ana tawon kang ménclok ing rainé nalika dhèwèké lagi turon ing kranjangé, ninggal satètès madu.[3] Bapaké banjur mikir yèn mbésuk bocah iki bakal pinter omong lan duwé kapinteran kaya ilat-madu.[3] Marga alesan mau tawon lan susuhé (susuh tawon) asring ana ing simbul santo iki.[3] Sawisé bapaké séda nalika umuré isih anom, Ambrosius direncanakkwax refiners kanggo ngetutaké jejak karièr bapaké, lan amarga saka iku santo banjur disekolahaké ana ing Roma, lan sinau babagan sastra, ukum lan rétorika.[4] Praetor Anicius Probus wiwitané mènèhi panggon ana ing dhéwan kutha lan watara taun 372 ndadèkaké kepala dhéwan kutha Liguria lan Emilia, kanthi markas ing Milano.[4] Nalika iku Milano dadi kutha krajan nomer loro Italia saliyané Roma.[4] Ambrosius dadi administrator kang ulung ana ing kalungguhan iki lan dhèwèké rikat dadi misuwur.[4]
Ing ngisor iki tulisan-tulisan kang digawé Ambrosius[4]:
Ing ngisor iki uga karya-karyané Ambrosius[4]:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.