Ambal warsa
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ambal Warsa iku pèngetan dina kalairan manungsa kang dadi tandha ing dina wiwité urip ing sajabaning guwa garba (rahim). Sajeroning manéka warna kabudayan kang ana ing donya, pengetan ambal warsa ana kang dipengeti kanthi nganakake pista pèngetan ambal warsa sajeroning kulawarga utawa karo kanca lan sadulur. Padatan ana bebungah kang asring diwènèhake marang kang mengeti ambal warsa.
Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa. |