Alkana
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alkana wujud hidrokarbon alifatik jenuh ya iku hidrokarbon kanthi ranté kabukak lan kabèh reroncèn antarané atom karboné wujud roncèn tunggal. Rumus alkana yaiiku: CnH2n+2 ing ngendi n = gunggung atom C.[1]
Ya iku golongan utawa golongan senyawa karbon kanthi rumus umum kang padha, duwé sipat kang mèh padha lan antar suku-suku urutané duwé béda [[CH2]].
Sipat-sipat dhèrèt homolog:
Alkana duwé rumus molekul padha, nanging rumus struktur béda.[1]
CH4, C2H6, C3H8 ora nduwéni isomer.[1]
Adhedhasar aturan saka IUPAC:
Awalan bisa- ora dilalèkaké. dadi isopropil awalé kanthi hurup i-. Awalan normal, sekundhèr lan tèrsièr kudu ditulis kanthi hurup cithak miring
Metana lan etana wujud salah siji komponèn cilik saka atmosfèr Yupiter. Èkstraksi saka lenga bumi, kang ngandhung akèh komponèn hidrokarbon, kalebu alkana.
Alkana wujud senyawa kang ana ing pérangan cilik saka atsmofèr sapérangan planit kaya ta Yupiter (0.1% metana, 0.0002% etana), Saturnus (0.2% metana, 0.0005% etana), Uranus (1.99% metana, 0.00025% etana) lan Neptunus (1.5% metana, 1.5 ppm etana). Titan (1.6% metana), salah sijiné satelit saka saturnus, sawisé ditliti déning Huygens yèn atmosfèr Titan ngedhunaké udan metana kanthi périodhik marang lumahing rembulan.[2] Ing Titan uga dikawruhi ana salah sijiné gunung kang nyemburaké gas metana, lan saka semburan gunung iki njalari akèhé metana ing atsmosfèr Titan. Saliyané iku, katemokaké déning radhar cassini, kétok uga ana sapérangan tlaga metana utawa etana ing saubengé Kutub Lor saka Titan. Metana lan etana uga dikawruhi ana ing pérangan buntut saka komèt Hyakutake. Analisis kimia nuduhaké yèn akèhé etana lan metana mèh padha akèhé, lan kabèh iku nuduhaké yèn ès metana lan etana iki kadhapur ing antarané ruwang antar lintang.[3]
Alkana wujud komponèn utama saka gas alam lan lenga bumi. Mupangat alkana ya iku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.