Ali-ali
From Wikipedia, the free encyclopedia
Ali-ali ya iku rerenggan awak kang wanguné bunder, ukurané cilik lan dianggo ing driji.[1] Driji kang lumrahé dianggoni ali-ali ya iku driji tengah lan utawa driji manis.[1] Déné ali-ali kang dianggo ing driji manis lumrahé ali-ali tunangan utawa ali-ali kawin utawa diarani cincin kawin.[1] Ali-ali ana kang diwènèhi pepaès wujud permata utawa berlian lan ana kang mung bunder polos.[1] Ali-ali kena dianggo wong lanang utawa wong wadon.[2] Ali-ali digawé saka emas utawa logam liyané, plastik, balung, kaca, berlian, batu permata, lan bahan liyané.[2] Saiki ali-ali uga ana kang digawé saka monel, pérak , lan monté-monté kang kanggo rerenggan.[2]
Pakulinan mènèhi lan nampa ali-ali wis ana wiwit 4.800 taun kapungkur.[2] Ali-ali pernikahan lumrahé dipasang ing driji manis. Pakulinan iki asalé saka kapercayan wangsa Tudor ing abad 16.[2] Kapitayan iki nerangaké yèn driji manis kang kiwa iku nduwéni sesambungan karo pembuluh darah kang nyambung langsung ing jantung.[2] Mulané yèn wong ngenggo ali-ali ing driji manis iku bisa mratandhaké yèn wong iku lagi nduwéni sesambungan katresnan karo lawan jinis.[2]