nagara ing Afrika Lor From Wikipedia, the free encyclopedia
Ganagara Dhémokratik Rakyat Algir[1][2][3][4] (basa Arab: الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية, basa Berber: Tagduda tamegdayt taɣerfant tazzayrit) utawa sok diarani Algir iku nagara ing tlatah Maghribi, Afrika. Yèn miturut ambané wewengkon, Algir minangka nagara gedhé dhéwé ing Sagara Tengah, gedhé dhéwé ing Donya Arab, kaping pindo ing bawana Afrika[5] sawisé Sudan, lan kaping sewelas sa donya.[6] Aljazair bakal dadi nagara Afrika gedhé dhéwé sawisé wewengkon Sudan Kidul mardika déning Sudan ing tanggal 9 Juli 2011.
الجمهورية الجزائرية الديمقراطية الشّعبية ⵜⴰⴳⴷⵓⴷⴰ ⵜⴰⴷⵣⴰⵢⵔⵉⵜ ⵜⴰⵎⴰⴳⴷⴰⵢⵜ ⵜⴰⵖⴻⵔⴼⴰⵏⵜ | |
---|---|
Gendéra | |
Motto: بالشّعب وللشّعب (Bil-sha'bi wa lil-sha'bi = "Déning rakyat lan kanggo rakyat") | |
Gunagita: Qassaman | |
Brehakutha | Aljir |
Jawatbasa | Arab capital = Aljir |
Papréntahan | Républik semi-présidhènsial |
Kamardikan | |
• Banyu (%) | - |
Population | |
• Pikira-kira 2010 | 35.423.000 |
• Cacahjiwa 1998 | 29.100.867 |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2010 |
• Gunggung | US$251,117 miliar |
• Saben wong | US$4.435 |
Artacihna | Dinar (DZD) |
Kodhé bèl | 213 |
TLD internèt | .dz |
Algir wewatesan karo Tunisia ing sisih lor-wétan, Libya ing sisih wétan, Maroko ing sisih kulon, Sahara Kulon, Mauritania, lan Mali ing sisih kidul-kulon, Niger ing sisih kidul-wétan, lan karo tlatah Sagara Tengah ing sisih lor. Algir jembaré ana 2.400.000 km2, lan sing ndunungi kira-kira ana 35,7 yuta.[7] Kutha krajané yaiku Aljir.
Algir minangka anggota Liga Arab, PBB, Uni Afrika, lan OPEC. Algir iku uga salah sawijining anggota pangadeg Uni Arab Maghribi.
Tembung Al-jazā’ir (الجزائر) sajeroning basa Arab tegesé "pulo-pulo", asliné iku cekakan saka Jazā’ir Banī Mazghanā (جزائر بني مازغان) sing tegesé "pulo-pulo kaum Bani Mazghana". Istilah sepisanan dipigunakaké déning géografer jaman pertengahan kaya ta Muhammad al-Idrisi.
Ing jaman klasik, laladan Aljazair lor uga diarani Numidia, kang biyèn wates wewengkoné uga kalebu Tunisia kulon lan Maroko wétan.
Sabagéyan gedhé Aljazair dunungé ana antarané 19° lan 37° lintang lor (mung sithik ana ing sisih loré 37°), karo 9° bujur kulon lan 12° bujur wétan. Lumrahé laladan pasisir Aljazair wujud pabukitan lan sithik liyané pagunungan. Plabuhan alami ora akèh cacahé ing Aljazair.
Pagunungan Ahaggar (basa Arab: جبال هقار jibaalun Haghar) utawa uga diarani Hoggar, minangka laladan dhataran dhuwur ing tengahé ara-ara Sahara, ing wewengkon Aljazair kidul. Dumunungé pagunungan iku kurang luwih 1.500 km sisih kidul saka kutha krajan Aljir. Tamanrasset yaiku kutha kang ana ing kana.
Kutha-kutha mligi Aljazair yaiku Aljir, Oran, Constantine, Tizi Ouzou, lan Annaba.
Aljazair iku dianggep réjim otoritèr, yèn miturut Indèks Dhémokrasi 2010[8] saka kalawarti internasional The Economist. Laporan Freedom of the Press 2009 saka sawijining LSM Amérika Sarékat mènèhi Aljazair peringkat "ora bébas".[9]
Présidhèn minangka kepala nagara Aljazair, lan dipilih kanggo mangsa kalungguhan limang taunan. Sajatiné biyèn mangsa kalungguhan Présidhèn diwatesi mung kalih mangsa limang taunan, nanging wiwit 11 November 2008 amandemèn undhang-undhang déning Parlemèn wis mbusak batesan iki.[10] Padunung Aljazair duwé hak pilih ing umur 18 taun.[5]
Parlemèn Aljazair iku wujud sistem rong kamar (bikameral).
|
|
|
|
Aljazair duwé cacah sing ndunungi 34.895.000 (prakiran Januari 2010), yaiku 99% minangka ètnis Arab utawa Berber.[5] Turunaning para pangungsi saka Andalusia, uga ana ing populasi sing ndunungi Aljir lan kutha-kutha liya.[11] Mèh ora ana wong-wong katurunan Éropa ing Aljazair, sapérangan gedhé wis pindhah sawisé kamardhikan nagara iku saka Prancis.[12]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.