Alexis Tsipras
Pulitisi Yunani / From Wikipedia, the free encyclopedia
Alexis Tsipras (Yunani: Αλέξης Τσίπρας; lair 28 Juli 1974)[1] iku pulitikus Yunani kang lungguh minangka Nayakotama Yunani kawit 2015 nganti 2019. Minangka wong sosialis, Tsipras dadi pangarepé parté pulitik Yunani aran SYRIZA 2009 nganti 2023
Alexis Tsipras | |
---|---|
Αλέξης Τσίπρας | |
Pangarep Oposisi | |
Linggih 8 Juli 2019 – 29 Juni 2023 | |
Mahamantri | Kyriakos Mitsotakis |
Kang sadurungé | Kyriakos Mitsotakis |
Linggih 20 Juni 2012 – 26 Januwari 2015 | |
Mahamantri | Antonis Samaras |
Kang sadurungé | Antonis Samaras |
Kang sawisé | Antonis Samaras |
Nayakotama Yunani | |
Linggih 21 Sèptèmber 2015 – 8 Juli 2019 | |
Présidhèn | Prokopis Pavlopoulos |
Wakil | Yannis Dragasakis |
Kang sadurungé | Vassiliki Thanou |
Kang sawisé | Kyriakos Mitsotakis |
Linggih 26 Januwari 2015 – 27 Agustus 2015 | |
Présidhèn | Karolos Papoulias Prokopis Pavlopoulos |
Wakil | Yannis Dragasakis |
Kang sadurungé | Antonis Samaras |
Kang sawisé | Vassiliki Thanou |
Mantri Jaban Rangkah | |
Linggih 20 Oktober 2018 – 15 Fèbruwari 2019 | |
Kang sadurungé | Nikos Kotzias |
Kang sawisé | Georgios Katrougalos |
Lurah ing Syriza | |
Linggih 4 Oktober 2009 – 24 Sèptèmber 2023 | |
Kang sadurungé | Alekos Alavanos |
Kang sawisé | Stefanos Kasselakis |
Rerincèn dhiri | |
Lair | (1974-07-28) 28 Juli 1974 (umur 49) Athína, Yunani |
Parté pulitik | Parté Kuminis (sadurung 1991) Synaspismos (1991–2013) Syriza (2013–) |
Gayutan pulitik liya | Parté Kiwa Éropah |
Jatukrama | Peristera Baziana |
Anak | 2 |
Pilungguh | Maximos Mansion |
Wiyata | Universitas Tèhnologi Nasiyonal Athína |
Tandha tangan |
Tsipras lair ing Athína ing 1974. Dhèwèké lumebu Kanoman Kuminis Yunani ing wekasané dasawarsa 1980. Ing wiwitané dasawarsa 1990, dhèwèké giyat ing jagat pulitik mligi minangka juru wicara ing protès-protès kang nulak rancangan owah-owahan gedhèn-gedhèn tumrap pangajaran. Dhèwèké nyinau tèhnik sipil ing Universitas Tèhnik Kabangsan Athína, lulus ing 2000, lan nerusaké sarjana ing babagan tata kutha lan wewengkon. Dhèwèké nyambut gawé minangka insinyur sipil ing indhustri yeyasan kang kapernah ing Athína.
Saka 1999 nganti 2003, Tsipras dadi panitra Kanoman Synaspismos. Dhèwèké tinanggenah lid Panitya Pokok Synaspismos ing 2004, banjur lumebu ing Kapanitran Pulitisé Synaspismos. Ing pilihan umum enggonan 2006, dhèwèké minangka caloné SYRIZA kanggo kalungguhan Walikutha Athína lan menang 10,5%. Ing 2008, dhèwèké kapilih dadi pangarepé SYRIZA, nggantèni Alekos Alavanos. Dhèwèké tembé kapilih lumebu Parlemèn Yunani, makili Athína A, ing 2009 lan kapilih manèh ing Mèi lan Juni 2012, banjur dadi Pangarepé Oposisi lan yasa kabinèt wayangan.
Ing Januwari 2015, SYRIZA kanthi dipandhégani Tsipras menangaké pilihan umum lègislatif, olèh 149 saka 300 kursi ing Parlemèn Yunani lan nggawé kowalisi karo Parté Rakyat Yunani Mardika (Yunani: Ανεξάρτητοι Έλληνες). Pitung sasi ndungkap mangsané linggih minangka Nayakotama, dhèwèké kélangan pérangan gedhéné sengkuyungané amarga ana pambaléla ing intraparté. Rikala 20 Agustus 2015, Tsipras sèrèh lan ngatur pilihan umum rikat kang kalakon ing sasi candhaké. Ing pilihan umum Sèptèmber 2015, SYRIZA bali menang lan olèh 145 saka 300 kursi lan mbalèni nata kowalisiné karo Parté Rakyat Yunani Mardika. Minangka Nayakotama, dhèwèké ngawasi rundhingan bab krisis utangé Pepréntahan Yunani. Dhèwèké uga miwiti réferèndhum kanggo nylametaké ékonominé Yunani nganggo dana talangan saka mancanagara (bailout) lan ngadhepi krisis wong ngungsi ing Éropah. In 2015, dhèwèké dipilih kalawarta TIME minangka salah siji saka 100 wong kang banget mrabawani ing jagat.[2]
Tsipras minangka Nayakotama Yunani sok kadakwa luput amarga kapeksa nampa rékadaya-rékadaya pangéman supaya nagarané slamet, nanging tandangé ora jumbuh karo jangjiné sadurungé pilihan umum. Dhèwèké uga kadakwa kang njalari masalah ékonomi Yunani sangsaya ndadra. Yunani wis kélangan 25% saka GDP-né kawit wiwité krisis.[3]