Alelopati
From Wikipedia, the free encyclopedia
Alelopati saka basa Yunani, allelon kang ateges siji lan sijiné lan pathos ateges lelara [1] Alelopati ateges minagka sawijining fenoména alam kang organsmené mrodhuksi sawijining senyawa biomolekul (kang diarani alelokmia) tekan lingkunagna lan senyawa mau mrabawani ngembakane lan modhote organisme liyané ing kiwa-tengené.[1] Sapérangan alelopati kedadeyan ing tuwuhan lan bisa njalari tuwuhan ing kiwa-tengené kang ngasilaké alelopati ora bisa urip utawa mati.[1] Tuladhané tuwuhan alelopati ya iku Ekaliptus (Eucalyptus spp.[2] Kedadeyan iki ditindakake kanggo menangake kompetisi nutrisi karo tuwuhan liya kang béda jenise utawa spésies.[1] Mula, alelopati bisa diaplikasekake minangka pembasmi gulma mula bisa ngurangi panggunaan herbisida sintetik kang bebayani tumrap lingkungan.[3] Tuladha alelopati ing ékosistem banyu ya iku ing sapérangan dinoflagelata bisa ngasilaké senyawa alelokimia kang grugekake fitoplankton, iwank, lan kéwan laut liyané.[1]