Albert Einstein
From Wikipedia, the free encyclopedia
Albert Einstein (Ulm, Württemberg, Jerman, 14 Maret 1879–18 April 1955) punika saged dipunanggep ngèlmuwan fisika teoretis ingkang ageng piyambak ing abad ka-20. Piyambakipun ingkang nyiptakaken téyori relativitas kaliyan ugi kathah nyumbang ing babagan pangembangan téyori mekanika kuantum, mekanika statistik, kaliyan kosmologi. Ing warsa 1921 piyambakipun angsal panganugrahan Nobel ing Fisika kanggé wedaranipun prakawis efek fotoelektrik kaliyan "pengabdenipun marang Fisika Teoretis".
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Albert Einstein | |
---|---|
Lair | (1879-03-14)14 Maret 1879 Ulm, Kingdom of Württemberg, German Empire |
Pati | April 18, 1955(1955-04-18) (umur 76) Princeton, New Jersey, USA |
Padunungan | Jerman, Itali, Switzerland, USA |
Warga nagara | Württemberg/Germany (1879–96) Stateless (1896–1901) Switzerland (1901–55) Ostenrik (1911–12) Jerman (1914–33) Amérika Sarékat (1940–55)[1] |
Alma mater | ETH Zurich University of Zurich |
Kondhang ing | General relativity Special relativity Photoelectric effect Brownian motion Mass-energy equivalence Einstein field equations Unified Field Theory Bose–Einstein statistics |
Bojo | Mileva Marić (1903–1919) Elsa Löwenthal, née Einstein, (1919–1936) |
Bebungah | Bebungah Nobel babagan Fisika (1921) Copley Medal (1925) Max Planck Medal (1929) Time Person of the Century |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Fisika |
Institutions | Switserlan Patent Office (Bern) University of Zurich Charles University in Prague ETH Zurich Prussian Academy of Sciences Kaiser Wilhelm Institute University of Leiden Institute for Advanced Study |
Juru pamrayogya dhoktoral | Alfred Kleiner |
Juru pamrayoga liyané | Heinrich Friedrich Weber |
Mahasiswa wigati | Ernst G. Straus Nathan Rosen |
Tandha tangan | |
Satelasipun téyori relativitas umum dipunrumusaken, Einstein dados misuwur saubenging donya. Prakawis punika boten biyasa kanggé para ngèlmuwan. Ing wayah sepuhipun, anggènipun misuwur nglangkungi sadaya ngèlmuwan ing sajarah fisika. Ing budaya populèr Einstein kaanggep sinonim kaliyan kapinteran utawi malahan kaliyan jenius. Pasuryanipun dados ingkang salah satunggaling ingkang dipuntepangi sadonya. Ing warsa 1999, Einstein "Tiyang Abad Sapunika" déning majalah Time. Kapopulèranipun ugi ndamel nama "Einstein" wiyar dipun-gunakaken ing donya iklan saha barang dagangan sanès. Wusananipun nama "Albert Einstein" dipundaftaraken dados merk dagang.
Kanggé miwiti, satunggiling unit fotokimia dipunwastani einstein, satunggaling unsur kimia dipunwastani einsteinium, saha satunggaling asteroid dipunwastani 2001 Einstein.
Rumus Einstein ingkang misuwur piyambak: