Aksara Siddhaṃ
From Wikipedia, the free encyclopedia
Siddhaṃ (𑖭𑖰𑖟𑖿𑖠𑖽), sabubaré owah dadi rupa anyar banjur kondhang mawa aran Siddhamātṛkā,[1] ya iku jeneng aksara kang dianggo nulisaké basa Sangsekerta kawit taun 600-an tekan taun 1200-an. Aksara iki tumurun saka aksara Brahmi sarana aksara Gupta, lan nurunaké aksara Tirhuta, aksara Assam, aksara Bengali, lan aksara Tibèt. Panulisé jeneng aksara iki rada mbingungaké amarga tembung Siddhāṃ karo Siddhaṃ loro-loroné kaprah dianggo, sanajan ana kang ngarani tembung Siddhaṃ iku kang "bener".[2] Aksara iki kasil besutan aksara kang dianggo nalika mangsané Kraton Gupta. Jenengé aksara dijupuk saka tembung Siddhaṃ utawa Siddhaṃ astu (muga-muga sampurna) kang asring tinulisaké ing sesirahé pustaka.
Siddhaṃ 𑖭𑖰𑖟𑖿𑖠𑖽 | |
---|---|
![]() Tembung Siddhaṃ nganggo aksara Siddhaṃ | |
Jinis | |
Basa | Sangsekerta |
Kala | udakara 600-1200 M ing India, lan tekan sepréné Asia Wétan |
Aksara babon | Brahmi
|
Aksara turunan | Assam Bengali Tibèt |
Aksara sadulur | Nāgarī Śāradā |
Arah nulis | Kiwa manengen |
ISO 15924 | Sidd, 302 |
Jeneng Unicode | Siddham |
Larik Unicode | U+11580–U+115FF Layang Palamaran Aksara Pungkasan Sing Tinampa |
Tembung Siddhaṃ ateges "paripurna" utawa "sampurna" cara Sangsekertané. Jejuluk liya aksara iki ya iku ing Jepang: 梵字; bonji lan ing basa Tradisional: 悉曇文字; Pinyin: Xītán wénzi.
Siddhaṃ iku kalebu abugida, dudu alfabèt, amarga saben pralambangé (karakteré) nglambangaké sawiji wanda. Hurup-hurup wyanjana tanpa sandhangan mesthi mawa swara hraswa 'a'. Panrapé sandhangan ngasilaké swara liya, anuswara, utawa wisarga. Tandha wirama bisa dianggo saperlu nandhani wyanjana wantah utawa tanpa swara kang kala-kala dadi pungkasané tembung-tembung Sangsekerta.