Aksara Déwanagari
From Wikipedia, the free encyclopedia
Aksara Devanāgarī utawa aksara Dewanagari (saka basa Sangskreta: "kutha déwa") iku aksara saka India sisih lor.
Aksara iki saka aksara Brahmi lan wiwit digunakaké ing abad kaping 11.
Aksara iki mligi kanggo nulis basa Hindi lan basa Sangskreta. Nanging, perlu kinawruhan manawa basa Sansekerta ora mutlak ditulis migunakaké aksara iki. Basa Sansekerta bisa ditulis nganggo aksara-aksara liya, antarané aksara-aksara Nusantara.