![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/2/21/Singapore_Airlines_Airbus_A380_woah%2521.jpg/640px-Singapore_Airlines_Airbus_A380_woah%2521.jpg&w=640&q=50)
Airbus A380
Wide-body, dobel-deck, pesawat papat mesin, saiki pesawat penumpang paling gedhe ing donya / From Wikipedia, the free encyclopedia
Airbus A380 iku sawijining montor mabur utawa pesawat dhèk dobel (basa Inggris double-deck) mawa papat mesin kang diprodhuksi déning perusahaan Éropah Airbus. A380 iku pesawat penumpang kang gedhé dhéwé sadonya. Pamaburan perdhana A380 dianakaké ing Toulouse, Prancis ing tanggal 27 April 2005. Banjur pamaburan komersial perdanané ana ing tanggal 25 Oktober 2007 saka Singapura tumuju Sydney déning maskapé Singapore Airlines kang dadi peluncur perdhanané. Montor mabur iki diarani Airbus A3XX nalika dirancang, nanging saiki uga kerep diarani Superjumbo.
![]() | |
Airbus A380 | |
---|---|
Airbus A380 Singapore Airlines (Oktober 2009) | |
Tipe | Montor mabur komersial |
Produsen | Airbus |
Pisanan mabur | 27 April 2005 |
Dikenalaké | 25 Oktober 2007 déning Singapore Airlines |
Status | Isih diprodhuksi |
Pemakai | Singapore Airlines Emirates Qantas Air France Malaysia Airlines |
Diproduksi | 2004 – saiki |
Cacah digawé | 59 unit as of Fèbruari 2011[update][1] |
Rega satuan | US$ 375.3 yuta dolar |
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/d/dd/Qantas_Airbus_A380-800_MEL_Vabre-2.jpg/640px-Qantas_Airbus_A380-800_MEL_Vabre-2.jpg)
Dhèk dhuwur A380 iku modhot sadawaning fuselase pesawat. Bab iki dadi nggawé pesawat iki nduwé 50% bilik kang luwih amba tinimbang pesawat liyané kang gedhé kapindho, ya iku Boeing 747-400. A380 nyedyani kursi kanggo 525 penumpang ing konfigurasi standhar telung kelas nganti 853 ing konfigurasi ékonomi kebak. A380 digawé ing vèrsi penumpang lan kargo. Vèrsi penumpang A380-800 iku pesawat penumpang kang gedhé dhéwé sadonya, luwih gedhé tinimbang saingané kang paling cedhak Boeing 747, nanging luwih cendhak tinimbang Airbus A340-600. Pesawat A340-600 iki pesawat Airbus kang gedhé dhéwé kapindho. Airbus A380-800F, vèrsi kargo iku disedyakaké minangka salah sijining pesawat kargo kang gedhé dhéwé. Sing luwih gedhé manèh ya iku namung Antonov An-225. A380-800 nduwé radhius pamaburan 15.200 kilomèter (utawa 8.200 mil sagara), cukup kanggo mabur saka New York City menyang Hong Kong contoné lan kacepetané ana Mach 0.85 (utawa 900 km/jam utawa 560 mil per jam ing cruise altitude).