From Wikipedia, the free encyclopedia
Aelurodon iku kéwan jinis canine saka sub kulawarga Borophaginae sing wis cures. Kéwan iki urip nalika jaman Lemah Mamalia Barstovian (16 Mya) ing antarané wektu Miosen nganti jaman Clarendonian saka akir Miosen (9 Mya). Aelurodon èksis nganti kira-kira 7 yuta taunan.
Aelurodon Kalamangsa: Patengahan Miosen–Awal Pliosen | |
---|---|
Tengkorak of Aelurodon taxoides | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Carnivora |
Famili: | Canidae |
Subfamili: | †Borophaginae |
Génus: | †Aelurodon Leidy, 1858 |
Spésies tipe | |
†Aelurodon ferox | |
Species[1][2] | |
| |
Range of Aelurodontina based on fossil distribution | |
Sinonim | |
|
Aelurodon iku kalebu salah sijining péranganing klade canid sing ditepungi minangka "pangremuk-balung" utawa asu "mèmper Hyena", sing katoné diudhunaké saka genera Protomactus lan Tomarctus. Ana sawatara spésiès sing ditepungi saka fosil sing tinemu ing tengah lan sisih kulon Amérikah Sarékat, nuduhaké rentang géografis sing adoh sadawané puncaké ing jaman Miosen. Spésiès Aelurodon sing gedhé dhéwé (A. ferox lan A. taxoides) bokmanawa cara mburuné mèh padha karo cara mburuné srenggala modhèren.
Aelurodon urip bareng karo jinis canid liyané kaya ta Borophaginae sing jenengé Epycon (20,6-5,330 Ma), Paratomarctus (16,3-5,3 Ma), Borophagus (23,3-3,6 Ma), Carpocyon (20,4-3,9 Ma) lan karo jinis srenggala sing sepisanan metu, Canis Lepophagus (10,3-1,8 Ma).
Enem spésiès Aelurodon wis diakoni déning para panliti. Aelurodon asthenostylus diprakirakaké urip kira-kira 20,6-13,6 Mya (7 yuta taun). Jinis-jinis iki dijenengi déning Wang et. al nalika 1999. Fosil saka A. asthenostylus tinemu ing sisih kulon Nebraska, Colorado Lor, sisih kidul Nevada lan Carolina tengah. Rong spésimen iki duwé bobot kira-kira 33 kg (73,5 lbs) lan 29,4 kg (64,8 lbs). Aelurodon ferox ana nalika rentang wektu 16,3-10,3 Mya (6 yuta taun) lan dijenengi déning Liedy ing taun 188. Spésimen wis prenah tinemu ing kulon Nebraska,New Meksiko, sadawané jurang nganti pasisir Texas lan tlatah sing arep maring kidul Montana. Rong spésimen sing wis tinemu sing regané £ 100, diprakirakaké duwé massa awak 45,6 kg lan tunggalé duwé bobot 39,9 kg (88 lbs). Aelurodon mcgrewi diprakirakaké ana nalika 16,3-13,6 Mya (3 yuta taun) saka fosil sing tinemu ing kulon Nebraska. Kabèh jinis Aeulurodon rata-rata dijenengi déning Joseph Leidy ing taun 1858.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.