From Wikipedia, the free encyclopedia
Acrasiomycota utawa jamur lendhir mawa sekat iki éwoning protista kang mèmper jamur.[1] Ciriné jamur iki ya iku ana sekat ing awaké, ana kang duwé sél siji lan ana kang sélé akèh.[1] Struktur awak vegetatifé ya iku wujudé kaya lendhir kang mau plasmodium lan duwé akèh inti.[1] Plasmodium owahé amoeboid kanggo nggolet tangkéanan kang rupané bahan organik.[1] Yén plasmodiumé wis diwasa bakal dadi sporangium kang cilik, duwé tangké lan akèh sporané. Spora kang wis mateng tukul dadi sél gamét kang ana flagélé.[1] Reprodhuksi generatifé nganggo cara singami ya iku leburé gamét loro kang wujud lan ukurané padha.[1] Kasilé ya iku zigot kang mengkoné bakal thukul gedhé.[1] Nanging yèn ana ing kondhisi kang ora nguntungaké, plasmodium ing myxomicota bakal mandheg nggoné owah lan dadi tangké kang pucuké membentuk struktur réprodhuksi.[2] Plasmodium ing acrasiomycota bakal dadi agrégat mbentuk kaya bekicot kang ora duwé thothok, yèn kondhisi lingkungané nguntungaké manèh, agrégat bakal mandheg lan gawé awak buah kang isiné spora réprodhuksi.[2] Salah siji tuladha saka Acrasiomycota ya iku Dyctyostelium.[2]
Acrasid Slime Molds | |
---|---|
Acrasis rosea, amoebe and spores | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Excavata |
Superfilum: | Discicristata |
Filum: | Percolozoa Cavalier-Smith 1991 |
Klas: | Heterolobosea Page & Blanton 1985 |
Famili: | Acrasidae |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.