Abelisaurus
From Wikipedia, the free encyclopedia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Abelisaurus ya iku sawijining jinis dinosaurus theropoda abelisaurid kang urip ing Periode Kretaseus pungkasan, (Kampanian) ana ing tlatah kang saiki dijenengi Amérika Kidul.[1] Dinosaurus iki karnivora kang ukuran awaké gedhé.[1] Dawané watara 7 nganti 9 mèter (25-30 kaki),sanadyan mung bisa diukur saka tengkorak parsial tunggal kang bisa tinemu.[1] Saka jenenge, Abelisaurus iku dijupuk saka jenengé èlmuwan kang nemu fosil Abelisaurus iki, Roberto Abel kang uga minangka tilas dirèktur Museum provinsi Cipelletti ing Argentina, papan panggonan ana ing ngendi spèsimèn Abelisaurus disimpen.[1] Jenenge iki mung digabungake karo tembung "sauros" saka Yunani kang tegesé "kadal".[1]
Abelisaurus Kalamangsa: Late Cretaceous, 80 Ma | |
---|---|
Reconstructed Abelisaurus skull featured in the traveling "Dinosaurs of Patagonia" exhibit. Note the rough bone surfaces and projections from the lacrimal and postorbital bones into the eye socket. | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Reptilia |
Superordho: | Dinosauria |
Ordho: | Saurischia |
Subordho: | Theropoda |
Infraordho: | Ceratosauria |
Famili: | Abelisauridae |
Subfamili: | Abelisaurinae Bonaparte & Novas, 1985 |
Génus: | Abelisaurus Bonaparte & Novas, 1985 |
Spésies | |
|
Abelisaurus akèh banget ditemu wiwit sepisanan tinemu.[2] Spesimen iki racaké tinemu bareng karo spèsimèn liyané kaya ta Aucasaurus,Carnotaurus, lan Majungasaurus.[2] Ana ilmuwan kang nglebokaké Abelisaurus marang golongan abelisaurid basal, saknjabané subkulawarga Carnotaurinae. Sing liyané iku luwih kalebu marang subkulawarga iku.[2] Corak tengkorake Abelisaurid kang sadurungé kaduga padha, jebul barang wis ana spésimèn kang tinemu manèh.[2]
Tengkorak salah sawijining fosil kang jebul dingèrteni minangka fosilé Abelisaurus tinemu kanthi kaanan ora jangkep, mligi ing sisih tengené. Pérangan kang paling akèh ora ana ya iku pérangan sisih tengen dhuwur ing pérangan cangkeme.[2] Pérangan kang ilang iku dawané punjul 85 cm (33 inci). Sanadyan ora kaya jinis abelisaurid liyané kang duwé sungu ing ngarep endhase kaya ta Carnotaurus, kabèh struktur balung kagawé saka keratin.
Fosil Abelisaurus akèh tinemu ing Amérika Kidul. Abelisaurus kalebu dinosaurus kang paling akèh tinemu ing tlatah Patagonia. Lumrahé kerep karan asalé saka wewengkon Formasi Allen, nanging panelitèn kang ditindakaké anggawa bukti manawa fosil Abelisaurus tinemu ing Formasi Anacleto ing provinsi Rio Negro, Argentina.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.