![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/0/06/Ax10akb18.jpg/640px-Ax10akb18.jpg&w=640&q=50)
AKB48
From Wikipedia, the free encyclopedia
AKB48 ya iku grup idola asal Jepang kang diproduseri déning Yasushi Akimoto.
![]() | Kaca punika merlokaken pemutakhiran informasi. Panjenengan saged mbiyantu nambah informasi ingkang sampun wonten, lan salajengipun mbisak tag punika |
AKB48 | |
---|---|
![]() | |
Pratélan latar wuri | |
Saka | Akihabara, Tokyo, Jepang |
Génre | J-pop, pop |
Mangsa akarya | 2005–sekarang |
Labèl | AKS (Jepang)DefStar Records (Jepang)You, Be Cool!/King Records (Jepang)Gold Typhoon (Taiwan)Label sub-unit:Avex TraxNayutawavePony CanyonNippon ColumbiaEpic Japan |
Sing magepokan | SKE48SDN48NMB48JKT48HKT48OJS48SNH48TPE48no3bWatarirouka HashiritaiFrench KissNot YetDiVA |
Sana jaringan | www youtube.com/AKB48 |
Anggota | Tim A Tim K Tim B |
Tilas anggota | Lihat pratélan mantan anggota AKB48 |
Grup iki wis nggayuh popularitas kang dhuwur ing Jepang. Sepuluh singel terakhir dèwèké kahasil muncaki tangga lagu minggon Oricon. "Beginner" lan "Heavy Rotation" katurut-turut manggoni peringkat pertama lan kapindho sajeroning pratélan singel paling laris ing Jepang ing taun 2010,[1] sementara "Everyday, Kachūsha", "Sakura no Ki ni Narō", lan "Flying Get" suwéné iki mimpin sajeroning ranking taun 2011. Pira-pira warna album lan singel AKB48 wis didol punjul sepuluh juta kopi.[2] Jeneng AKB48 dijikuk saka Akihabara, salah sijiné area ing Tokyo ingendi ing lante kaping 8 toko Don Quijote manggon teater duwéne grup iki.[3] Ide Akimoto, kang baanjur dikenalake minangka "idola kang bisa kowé temoni", ya iku gawé salah sijiné grup idola berbasis teater ing ngendi para penggemar bisa ndeleng saben dina.[4][5] AKB48 isih tampil ing teateré saben dina,[6] nanging amarga panjalukan tiket kang gedhé banget mangka saiki anggoné ndistribusikaké kanti léwat undian.
AKB48 arua pemegang Guinness World Record minangka grup pop gedhé dhéwé ing dunya.[7][8] Saiki AKB48 kapérang dadi 4 tim: Tim A, Tim K, dan Tim B kanti jumlah anggota masing-masing 16 wong sarta Tim 4 kang anggotané 11 wong, total akèhé 59 anggota nganti 2 September 2011.[9] Saben tim memproduksi sak konser anyar tiap mangsa teatrikal.
Awit taun 2005 nalika AKB48 ngadeg, Yasushi Akimoto mbentuk pira-pira grup lane: SKE48 kang basis teater ing Sakae, Nagoya; SDN48, NMB48, sarta JKT48 kang wujud sister group pertama kang basisé ing jaban rangkah.[4]
Konsep liané kang pertama kali kawanuhaké ing taun 2009 ya iku pilihan umum ingendi para penggemar mènèhi suarané kanggo milih anggota-anggota kang bakal berpartisipasi sajeroning rekaman singel AKB48 sebanjuré.[4] Sajeroning pamilihan terakhir kang dilakokaké ing wulan Juni-Juli 2011 lan ngumpulaké punjul sejuta suwara, kapilih 40 wong saka 152 anggota AKB48, SKE48, SDN48, lan NMB48.[10][11][12][13] Ing taun 2010, muncul salah sijiné metode seleksi anyar; para anggota saling kompetisi siji lan sijiné sajrone salah siji turnamen batu-kertas-gunting kanggo bisa berpartisipasi sajeroning singel. Turnamen kaloro ditindakaké ing 20 September 2011.[14]