Paprangan Jaman Napoleon
From Wikipedia, the free encyclopedia
Paprangan Jaman Napoleon ya iku kumpulan paprangan kang kadadéan suwéné Napoleon Bonaparte mréntah Prancis taun 1799 nganti taun 1815.[1] Perang iki kadadéan (mligi) ing bawana Éropa, nanging uga ing pira-pira panggonan ing bawana liyané lan wujud terusan saka perang kang diakibataké déning Révolusi Prancis nalika taun 1789.[1]
Peperangan Jaman Napoleon | |||||
---|---|---|---|---|---|
Peperangan Austerlitz | |||||
|
Perang iki nyebapaké owahan gedhé marang sistem militèr ing Éropa mligi artileri lan organisasi militèr, lan uga nalika jaman iki kapisan kaliné dianakaké wajib militèr kanthi resmi saéngga jumlah wadya dadi akèh.[1]
Kakuwatan Prancis kanthi rikat ngrembaka, ngalahaké sapérangan gedhé Éropa lan uga rikat ambruké sawisé ngalami kekalahan saka Ruslan nalika taun 1812.[1] Sawisé kekalahan iki Napoleon nyerah total, saéngga wangsa Bourbon balik kuwasa ing Prancis.[1] Sawentara iku wewengkon kamaharajan Spanyol siji baka siji laladan jajahané wiwit ucul akibat invasi Prancis, kang ngakibataké lemahé Spanyol saéngga nyebapaké anané révolusi ing Amérika Latin.[1]
Paprangan jaman Napoleon mandeg nalika dhèwèké ngalami kekalahan sajeroning Peperangan Waterloo (18 Juni 1815) lan disepakatiné pakta Paris kang kapindho.[1] Pirang-pirang sumber sajarah (mligi ing Inggris) jenengi peperangan saka taun 1792 nganti 1815 iki kanti jeneng Perang Prancis Raya (1792-1815), utawa minangka babak penutup saka Peperangan 200 taun antarané Inggris lan Prancis kang dimulai awit taun 1689 nganti taun 1815.[1]
Révolusi Prancis ngancam kraton-kraton liya kang ana ing bawana Éropa, lan dadi masalah kang luwih serius kanti dicekelé ratu Louis XVI nalika taun 1792 lan pelaksanaan ukuman mati tumprapé ing wulan Januari taun 1793.[1] Usaha kapisan kanggo ngremuk Republik Prancis iki dimulai nalika taun 1792 nalika Ostenrik, Karajan Sardinia, Karajan Napoli, Prusia, Spanyol, lan Karajan Karajan Manunggal minangka koalisi kapisan.[1] Kanti dikukuhaké undhang-undhang Prancis kang anyar, kalebu wajib militèr kanthi bebarengan (levée en masse), panganyaran sistem militèr, lan perang kanthi total, mènèhi kontribusi kanggo kemenangan Prancis tumrap koalisi kapisan.[1] Perang manedeg nalika Ostenrik dituntut déning Napoleon nampa syarat-syarat sajeroning perjanjèn Campo Formio.[1] Karajan Karajan Manunggal dadi siji-sijiné kraton kang turah saka koalisi kapisan kang merangi Prancis nganti taun 1797.[1]
Koalisi kapindho diwangun nalika taun 1798, kang kasusun saka pira-pira kraton kaya ta: Ostenrik, Karajan Manunggal, Karajan Napoli, Kesultanan Utsmaniyah, Nagara Kepausan, Portugal, lan Ruslan.[1] Napoleon Bonaparte, sang arsitèk utama kemenangan Prancis nalika taun disiké tumrap koalisi kapisan, nglancaraké aksi militèr marang Mesir (pira-pira ilmuwan dipèèlokaké sajeroning èkspèdhisi iki kalebu Jean Baptiste Joseph Fourier lan Jean-Francois Champollion).[1]
Napoleon balik menyang Prancis nalika tanggal 23 Agustus 1799.[1] Banjur dhèwèké jukuk kendali pamaréntahan nalika tanggal 9 November 1799 sajeroning salah sijiné kudeta kang dijenengi 18 Brumaire.[1] Napoleon nata manèh sistem militèr lan gawé prajurit cadangan kanggo njurung aksi militèr ing kiwa-tengené Rhine lan Italia.[1] Ing sekabèhané pertempuran, Prancis luwih unggul.[1] Ing Italia, Napoleon menangaké peperangan karo Ostenrik sajeroning Peperangan Marengo nalika taun 1800.[1] Nanging peperangan kang nemtokaké kadadéan ing Rhein, wewengkon Hohenlinden nalika taun 1800.[1] Kanti kalahé Ostenrik iki, kakuwatan koalisi kapindho remuk.[1] Nanging Karajan Manunggal tetep kuwat lan mènèhi prabawa kang gedhé marang nagara-nagara liyané supaya bisa ngalahaké Prancis.[1] Napoleon nyadari hal iki, tanpa kekalahan Inggris utawa perjanjèn damai karoé, mangka dhèwèké ora bakal pernah nggayuh perdamaian kanthi wutuh ing bawana Éropa.[1]