Mozilla Firefox
panjlajah wèb / From Wikipedia, the free encyclopedia
Mozilla Firefox (asliné jeneng Phoenix banjur dikenal minangka Mozilla Firebird) iku panjlajah wèb antar-platform gratis kang dikembangaké déning Yayasan Mozilla lan atusan sukarelawan. Versi 3.0 dirilis ing tanggal 17 Juni 2008.
Perancang | Mozilla Corporation |
---|---|
Pangembang | Mozilla Corporation / Mozilla Foundation |
Rilis pisanan | 4 Novèmber 2004 (2004-11-04) |
Versi rilis terbaru | 89.0 / Juni 1, 2021; 2 taun kapungkur (2021-06-01) |
Basa pamrograman | C++, JavaScript,[1][2] CSS,[3][4] XUL, XBL |
Sistem operasi | Windows Mac OS X Linux BSD Solaris OpenSolaris GNU |
Basa | Multibasa |
Status pengembangan | Aktif |
Jenis | Panjlajah wèb |
Lisènsi | Mozilla EULA untuk distribusi biner |
Situs web | http://www.mozilla.com/firefox/ |
Sadurungé rilis versi 1.0-nya tanggal 9 November 2004, Firefox wis olèh atur sapala kang apik banget saka pihak médhia, kalebu saka Forbes lan Wall Street Journal.[5][6] Kanthi punjul 5 yuta download sajeroning 12 dina pisanan rilisé lan 6 yuta nganti 24 November 2004, Firefox 1.0 minangka salah siji piranti alus gratis, sumber-kabuka (open-source) kang paling akèh dipigunakaké déning naraguna omahan.[7]
Liwat Firefox, Yayasan Mozilla duwé angkah arep ngembangaké sawijining browser wèb kang cilik, rikat, simpel, lan gampang dikembangaké (kapisah saka Mozilla Suite kang luwih gedhé). Firefox wis dadi fokus utama perkembangan Mozilla bebarengan karo client e-mail Mozilla Thunderbird, lan wis nggantèkaké Mozilla Suite minangka rilis browser resmi Yayasan Mozilla.
Vèrsi 2.0 diluncuraké tanggal 24 Oktober 2006. Ing vèrsi 2.0 ini, Mozilla duwé bug (kakurangan) ya iku bakal "crash" yèn mbuka web page (kaca Wèb) kang gedhé banget lan duwé JavaScript, nanging bab iki wis didandani.[8]