Malaysia
nagara ing Asia Kidul-Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Malaysia punika satunggalipun nagari ingkang dumunung ing Asia Kidul Wétan, dipunjumenengaken ing taun 1963. Malaysia gadhah padunung saking manéka warni suku lan budaya. Malaysia dados salah satunggalipun nagari persemakmuran karajan Inggris. Malaysia awujud nagari fédherasi ingkang kapérang dados 13 wewengkon praja lan 3 pasekutonan. Kutha krajan nagari Malaysia inggih punika Kuala Lumpur, bilih Putrajaya dados punjering papréntahan pasekutonan. Gunggungipun padunung Malaysia langkung saking 27 yuta tiyang.[13] Negari Malaysia dipunpisahaken ing kalih wewengkon Malaysia sisih kilèn lan Malaysia sisih wétan, dipunpisahaken déning Kapuloan Natuna, wewengkon Indonésia ing Laut Cina Kidul.[13]
ꦩꦭꦻꦱꦶꦪ Malaysia | |
---|---|
Motto: "Bersekutu Bertambah Mutu"[1] "Manunggal Nambah Kaunggulan" | |
Gunagita: 'Negaraku | |
Kuthagara | Kuala Lumpur 3°8′N 101°41′E Putrajaya (administratif) 2.9430952°N 101.699373°E / 2.9430952; 101.699373 |
Brehakutha | Kuala Lumpur 3°8′N 101°41′E |
Jawatbasa | Melayu Malaysia[2] |
Latin | |
Basa sing diakoni | Inggris lan Cina |
Budayawangsa (2017[3]) | |
Agama | |
Wangsanama | Wangsa Malaysia |
Papréntahan | Monarki Konstitusional |
• Yang di-Pertuan Agong | Ibrahim saking Johor |
Anwar Ibrahim | |
Paukumkaryan | Parlemen |
• Ucagreha | Dewan Negara (Senat) |
• Nicagreha | Dewan Rakyat (House of Representatives) |
Kamardikan saka Karajan Manunggal | |
• Mardhika saka Federasi Malaya | 31 August 1957[6] |
• Sarawak Self-government | 22 July 1963 |
• Cobbold Commission | 17 January 1962 |
• Malaysia Act 1963 | 31 July 1963 |
• North Borneo Self-government | 31 August 1963 |
• Malaysia Mardhika | 16 September 1963 |
• Singapura Mardhika | 9 August 1965 |
• Deklarasi ASEAN | 8 August 1967 |
Pijembar | |
• Gunggung | 332.370 km2 (128.329 sq mi) (66th) |
• Banyu (%) | 0.3 |
Population | |
• Pikira-kira 2017 | 32,049,700[7] (44th) |
• Cacahjiwa 2010 | 28,334,135[8] |
• Ketebdunung | 92/km2 (238.3/sq mi) (116th) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2018 |
• Gunggung | $1.002 trillion[9] (26th) |
• Saben wong | $30,858[10] (41st) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2018 |
• Gunggung | $364.919 billion (38th) |
• Saben wong | $11,237 (62nd) |
Gini (2009) | 46.3[11] dhuwur |
IPM (2015) | 0.789[12] dhuwur · 59th |
Artacihna | Ringgit (RM) (MYR) |
Laladan wektu | UTC+8 (MST) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+8 (not observed) |
Rupa titimangsa | dd-mm-yyyy |
Nyetir ing | left |
Kodhé bèl | +60 |
TLD internèt | .my |
Malaysia ingkang sisih kilèn asring sinebat Semenajung Malaya. Wewengkon Malaysia ingkang sisih wétan lan dados wewengkon ingkang paling wiyar kapérang dados kalih laladan papréntahan (satingkat provinsi), inggih punika Sarawak lan Sabah. Malaysia dipunlangkungi gugusan pagunungan ingkang panjang ing Malaysia ujung. Wewengkon Malaysia sisih kilèn kalebet wewengkon ingkang kathah padunungipun tinimbang sisih wétan. Malaysia sisih kilèn ugi dados punjering papréntahan. Malaysia sisih wétan taksih awujud laladan ingkang taksih dipunkupengi alas bawera. Kirang langkung 15 % padunung Malaysia gesang ing wewengkon punika. Malaysia wewatesan kaliyan Thailand, Indonésia, Singapura, Brunei, lan Filipina.[13]
Malaysia punika dados nagari perintis ASEAN lan ugi ndhèrèk ing manéka organisasi internasional, kados PBB.[14][15] Amargi Malaysia naté dipunjajah Inggris, Malaysia ugi dados anggota Nagara-Nagara Persemakmuran.[16] Malaysia ugi dados anggota D-8.[17]