Bujana Ndalu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Bujana Pungkasan (ngoko: Bujana Akir) utawi Bujana Ndalu utawi cariyos ingkang dipunparingi tajuk Yesus kembul dhahar Paskah sesarengan murid-murid Dalem déning Lembaga Alkitab Indonésia inggih punika wekdal kembul dhahar pungkasan antawisipun Yesus lan kalihwelas rasul sadèrèngipun séda. Prastawa kasebat dipunserataken ing Matius 26:17-29, Markus 14:12-25, Lukas 22:7-38, lan Yohanes 13:1-38 (ingkang nyerataken ngéngingi Yesus mijiki suku murid-murid Dalem). Bujana pungkasan sampun dados subyèk saking kathah lukisan, ing antawisipun ingkang paling misuwur déning Leonardo da Vinci.
Artikel iki ditulis nganggo basa krama. |
Bagéan saka seri babagan |
Asma lan sesebutan |
Yésus Kristus lan Kakristenan |
Ajaran utama Yésus Kristus |
Pandhangan marang Yésus |