Andrea Arnold
From Wikipedia, the free encyclopedia
Andrea Arnold, OBE (lair 5 April 1961) inggih punika salah satunggalipun pandamel filem lan tilas juru paraga saking nagari Inggris. Namanipun misuwur lumantar kiprahipun ing jagat filem, ingkang naté nampi bebungah saking Academy Award lumantar filem cekak pakaryanipun. Filem punika asesirah Wasp ingkang kadamel ing taun 2005.[3] Andrea salajengipun ndamel filem biyoskup lan filem televisi kalebet Red Road, Fish Tank lan American Honey, ingkang sedayanipun kasil nglumantaraken piyambakipun nampi pangajiJury Prize ing pahargyan Festival Film Cannes.[4][5][6] Ingkang paling énggal, piyambakipun ngayahi jejibahan minangka sutradara filem tigang èpisode ingkang kasil nampi bebungah saking Emmy Award, sesirah Transparent.[4]
Sunyata Rikat Lair, Pakaryan ...
Andrea Arnold OBE | |||
---|---|---|---|
Lair | (1961-04-05) 5 April 1961 (umur 63)[1] Dartford, Kent, England | ||
Pakaryan |
| ||
Taun aktif | 1982–present | ||
Anak | 1 | ||
Tutup