Aktin
From Wikipedia, the free encyclopedia
Aktin inggih punika protèin globular kaliyan massa kira-kira 42-kDa kaliyan pintén-pintén mupangat dasaripun, pramila saged dipunwastani protéin sambi (Inggris: moonlighting protéin), kaliyan péran ing salébéting prosès sèlular saking migrasi sel ngantos transpor membran.[1] Aktin dipuntemuakén ing sédaya organismé èukariota, manawi botén kédah wonten 8 jénis protèin ingkang ngandut aktin, dipunsébat actin-related proteins (ARPs). Nanging kathah ARP ingkang asifat sitoskeletal, studi biokimia saha génètika ing pungkasan punika sampun nunjuakén manawi pintén-pintén ARP gadhah fungsi ing salèbéting inti sèl sanèsipun ing salèbéting sitoplasma,[2] kados ta èksprsèi gèn, règulasi faktor transkripsi saha motilitas intra-inti. Aktin inti gadhah peran ing transkripsi kaping tiga Ènzim polimérasé RNA, ing remodelling kromatin saha ing wujudipun kompleks ribonukleoprotein inti, saha ing pencerapan histon.[3]
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Aktin ugi kagolong stimulan èksprèsi faktor transkripsi mitokondrial p43.[4] Èksprèsi kasébut bakal nginduksi aktivitas mitokondria, saha lintasan mitokondriogenesis, ningkatakén suhu salira saha nurunakén plasma T3. Aktin punika jénisipun protèin globural ingkang gégayutan saha wujud rantai, kalih rantai ingkang membelit wujud heliks, wujud mikrofilamen (filamen aktin) ing otot lan jénis-jénis sèl sanèsipun. [5] Aktin inggih punika protéin ingkang wigatinshsnsken wujud sel lan nglampahi sami-sami kaliyan miosin kanggé ngasilaken obahan sel.[6]