Akbar Agung
From Wikipedia, the free encyclopedia
Akbar (Basa Urdu: جلال الدین محمد اکبر , basa Hindi: जलालुद्दीन मुहम्मद अकबर, Hunteria: Jalāl ud-Dīn Muhammad Akbar), uga kondhang kanthi jejuluk Shahanshah Akbar-e-Azam utawa Akbar sing Agung (lair 23 Novèmber 1542 – pati 27 Oktober 1605 ing umur 62 taun)[1][2] iku Sultan Mogul kaping 3. Dhèwèkè isih keturunan Wangsa Timurid, putra saka Sultan Humayun lan putu saka Sultan Mogul Zaheeruddin Muhammad Babur, panguwasa sing ngedegaké Wangsa Mugol ing India. Ing jaman pamarèntahané ing taun 1605, kasultanan Mugol ngrunkebi sapérangan gedhé sisih lor lan tengah India. Panjenengané disuyudi amarga nduwé panemu liberal kanggo kabèh agama lan kapercayan. Sasuwéné panguwasané, seni lan budaya ngrembaka lan pinunjul dibandhingaké karo raja sadurungé.
Akbar | |||||
---|---|---|---|---|---|
Sultan Mogul ke-3 saka India | |||||
Panjenengan | 27 Januari 1556 – 25 Oktober 1605 (&&&&&&&&&&&&&049.&&&&&049 taun, &&&&&&&&&&&&0275.&&&&&0275 dina) | ||||
Pamakuthan | 14 Fèbruari 1556, cedhak Kalanaur, Gurdaspur | ||||
Leluhur | Humayun | ||||
Panerus | Jahangir | ||||
Adipati | Bairam Khan (1556–1561) | ||||
Astana | Sikandra, Agra | ||||
Garwa | 36 bojo, kalebu Mariam-uz-Zamani | ||||
Putra | Jahangir, Murad, Danyal, 6 anak wadon liyané | ||||
| |||||
Wangsa | Timurid | ||||
Wangsa | Mugol | ||||
Bapa | Humayun | ||||
Ibu | Hamida Banu Begum | ||||
Agama | Islam |