From Wikipedia, the free encyclopedia
Kalendher Gregorian kuwe kalendher sing sekiye paling akeh dienggo nang Dunia Barat. Kalendher Gregorian kiye modifikasi sekang kalendher Julian. Sing ngusulna yakuwe Dr. Aloysius Lilius sekang Napoli-Italia, lan disetujui nang Paus Gregorius XIII tanggal 24 Februari 1582. Kuwe sebabe kalendher kiye banjur dijenengi Gregorian. Penanggalan taun kalendher kiye adhedhasar taun Masehi.
Kalendher kiye diciptakna jalaran kalendher Julian digagas kurang akurat, amarga wiwitan musim semi (21 Maret) soyo maju dadi perayaan Paskah sing uwis disarujuki wiwit Konsili Nicea I taun 325 ora tepat maning.
Sawijining taun nang kalendher Julian suwene 365 dina 6 jam. Tapi amarga Bumi ngubengi srengenge suwene mung 365 dina 5 jam 48 menit 46 detik, mulane saben milenium, kalendher Julian kelewihan 7 nganti 8 dina (11 menit 14 detik pertaun). Masalah kiye dipecahna nganggo dina kabisat sing madan sejen nang kalendher anyar kiye. Nang kalendher Julian, saben taun sing teyeng dibagi karo 4 dadi taun kabisat. Tapi nang kalendher Gregorian kiye, taun sing teyeng dibagi karo 100 mung dianggep dadi taun kabisat nek taun kiye uga teyeng dibagi karo 400. Misale taun 1700, 1800, lan 1900 dudu taun kabisat. Tapi taun 1600 lan 2000 kuwe dadi taun kabisat.
Seuwise kalendher Gregorian dicanangna, ora kabeh negara gelem nganggo. Lagi pirang abad seuwise kiye, meh saben negara barat gelem nganggo. Contone Rusia sing tembe nganggo taun 1918. Dadine Revolusi Komunis Rusia sing sekiye dipengeti saben tanggal 7 November, diarani Revolusi Oktober.
Gereja Ortodoks nganti sekiye esih nganggo kalendher Julian.
Wiwit tanggal 1 Januari 1622, 1 Januari ditetapna dadi wiwitane taun. Sedurunge saben negara Eropa nduwe wiwitan taun sing sejen-sejen.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.