From Wikipedia, the free encyclopedia
Cabe Jamu utawa Cabe Jawa (Piper retrofractum vahl) tergolong Kaluarga Pipperaceae. Nang nggon liya tanduran kiye disebut Lada Panjang (Sumatra), Cabe Solak (Madura), lan Cabia (Sulawesi).
Bentuke tanduran kaya Suruh, ngrambat, manjat, nggubet, karo mbrangkang. Godhonge bunder endog kanthi lonjong. Wohe brintik-brintik cilik, bunder dawa utawa silindris, pucuke nyilik. Woh sing esih nom wernane kelabu, terus dadi ijo, kuning, abang lan amoh. Rasane pedes lan wangi.
Khasiate antarane ngobati lara wetheng, masuk angin, beri-beri, rematik, darah rendah, kolera, mriang, mumet, lemah syahwat, bronkitis, lan sesak nafas. Makane bahan iki akeh dibutuhna nggo jamu tradisional lan obat pil/kapsul moderen. Uga bisa nggo campuran omben-omben. Rasa pedes asale sekang senyawa piperin, sing kandungane antara 4.6 persen.
Cabe Jamu bisa urip nang kebon sing dhuwure 0-600 meter nang dhuwur laut. Udhan sing dibutuhna rata-rata 1.259-2.500 mm/taun. Lemah lempung, pasir, lan susunan lemah loh sing pengairane apik, kuwe lahan sing cocok nggo nandhur Cabe Jamu. Tanduran iki ndhuwe keunggulan bisa urip nang lahan sing garing lan akeh watune. Tanggul watu nang pematang tegalan bisa didadekna panggonan ngerambate wit Cabe Jamu.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.