Éropa Kidul
From Wikipedia, the free encyclopedia
Éropa Kidul utawa kadhangkala diarani Éropa Mediterania iku pérangan tlatah ing bawana Éropa. Ora ana wedharan kang bisa njlèntrèhaké istilah mau gumantung faktor géografi, budaya, basa utawa sajarah sing ana ing tlatah mau. Wis disetujoni yèn Spanyol, Portugal, Italia lan Yunani, luwih umum nagara-nagara Mediterania ing bawana Éropa, iku péranganing Éropa Kidul. Prancis Kidul lan Turki Kulon uga dilebokaké sajeroning tlatah iki.
Sacara géografi, Éropa Kidul minangka setengah saka dharatan Éropa. Tegesé relatif, tanpa wates sing dikukuhaké. Pagunungan Alpen lan Massif Tengah minangka tapel wates fisik antara Italia lan Prancis lan Éropa sakabèhané.