Cut Tari Aminah Anasya, biyasa diundang Cut Tari iku panatacara lan juru main sinétron Indonesia. Tari isih ana keturunan Acéh saka wong tuwané. Cut Tari lair nalika tanggal 1 November 1977. Dhèwèké anak nomer telu saka dulur kang cacahé papat. Bapaké jenengé Teuku Joesransjah. Cut Tari lulusan saka Stamford College, Jakarta. Cut Tari nikah karo Johannes Yusuf Subrata nalika tanggal 9 Januari 2004. Sawisé telung taun, Cut Tari nglairaké anaké kang sepisanan, tanggal 10 Oktober 2007 Anake Cut Tari kang sepisanan jenéngé Sidney Azkassyah Yusuf.