palemahan kang keteb tinuwuhan wit From Wikipedia, the free encyclopedia
Alas utawa wana iku kawasan kang dituwuhi wit-witan kang ketel. Kawasan-kawasan kaya iki ana ing tlatah-tlatah kang amba ing donya lan duwé fungsi minangka penampung karbon dioksida (carbon dioxide sink), habitat sato kéwan, modulator arus hidrologika, sarta panglestari lemah, lan minangka sawijining aspèk biosfér Bumi kang paling wigati.
Alas iku wangun kauripan kang kasebar ing donya. Kita bisa nemu alas ing laladan tropis lan ing laladan kang hawané anyep, ing dhataran cendhèk lan ing pagunungan, ing pulo cilik lan ing bawana gedhé.
Alas wus padha maringi esthi marang manungsa tuwin sakabehe titah kang mawarna-warna. Alas uga nyadhiyani oksigen tumrap sato kéwan dalah sakabehe titah, saka sato kang mobahmosik ana ing hawani mewah manuk-manuk pating clorot ana ing gegana kang elok banget sesawangane kayadéné sesawanganing suwarga kang ngédab-édabi. Hawa kang asrep, ayem lan kapenak, kang mbengkas banyu reged dadi banyu kang resik.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Forest. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.