From Wikipedia, the free encyclopedia
Trompèt iku salah siji piranti musik kang cara nggunakaké kanthi disebul. Piranti iki kagawé saka bahan logam. Ana ing panggonan paling dhuwur ing antarané tuba, eufonium, trombon, sousafon, French horn, lan Bariton. Trompèt ing-pitch B♭.
Trompèt mung duwé telung papan kanggo dipenyet, tukang main trompet kudu bisa anggoné ngatur embouchure supaya bisa ngasilaké nada utawa laras kang béda.
Trompet kang lumrah iku kang awujud trompet B♭, nanging trompet C, D, E♭, E, F, G lan A uga ana. Trompet C paling akèh digunakaké ing orkestra Amérika, kanthi wujud kang luwih cilik ndadèkaké suwara kang diasilaké luwih apik tinimbang trompèt B♭.
Kabèh wong mesthi bisa dolanan trompèt, nanging kanggo wong kang pagaweane migunakaké trompet minangka piranti seni musik dibutuhake ambegané sing dawa lan kuwat. Lumrahé wong kang seneng ngrokok, rada angèl yèn dadi juru main trompet, amarga ambegane luwih cendhak tinimbang wong kang ora ngrokok.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.