From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Banjar utawa Sukubangsa Banjar [2] iku bebrayan kang manggon sapérangan gedhé wewengkon Provinsi Kalimantan Kidul, lan wiwit abad kaping 17 wiwit manggon ing sapérangan Kalimantan Tengah lan sapérangan Kalimantan Wétan mligi kawasan dhataran lan pérangan hilir saka Laladan ilèn Kali (DAS) ing wewengkon mau.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(4.8 yuta) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Indonésia (sènsus 2000) | 3,500,000[1] |
Kalimantan Kidul | 2,271,586 |
Kalimantan Tengah | 435,758 |
Kalimantan Wétan | 340,381 |
Riau | 179,380 |
Sumatra Lor | 111,886 |
Basa | |
Banjar, Indonésia lan Malayu. | |
Agama | |
Islam | |
Golongan ètnik magepokan | |
Malayu, Kutai, Jawa, Dayak (Dayak Bukit, Bakumpai, Ngaju, Ma'anyan, Lawangan) |
Waring |
↑ |
Sanggah |
↑ |
Datu |
↑ |
Kai (simbah kakung) + Nini (simbah putri) |
↑ |
Abah (bapak) + Uma (ibu) |
↑ |
Kakak < ULUN > Ading |
↓ |
Anak |
↓ |
Cucu |
↓ |
Buyut |
↓ |
Intah/Muning |
Kaya sistem paseduluran lumrahé, masarakat Banjar ngenali istilah-istilah tartemtu minangka panyelukan sajeroning kulawarga. Skema mau punjere saka ULUN minangka panyebute.
ULUN uga ana celukan kanggo sadulur saka bapak lan ibu. sadulur tuwa dhéwé sinebut Julak, sadulur kaping pindho sinebut Gulu, sadulur candhaké sinebut Tuha, sadulur tengah saka bapak lan ibu sinebut Angah, lan liyané sinebut Pakacil (paman mudha/kecil) lan Makacil (bibi mudha/kecil), déné paling enom sinebut Busu. Yèn nyeluk sadulur saka kai lan nini padha waé, semana uga kanggo sadulur datu.
Saliyané istilah ing dhuwun, uga ana sebutan liyané, yaiku:
· minantu (bojo saka anaké ULUN)
· pawarangan (bapak / ibu saka minantu)
· mintuha (bapak / ibu saka bojone ULUN)
· mintuha lambung (sadulur mintuha saka ULUN)
· sabungkut (wong kang siji Datu karo ULUN)
· mamarina (sebutan umum kanggo seduluré bapak/ibu saka ULUN)
· kamanakan (anaké kakang/adhi saka ULUN)
· sapupu sakali (anaké mamarina saka ULUN)
· maruai (bojo wadon karo bojo wadone seduluran)
· ipar (sadulur saka bojo saka ULUN)
· panjulaknya (sadulur tuwa dhéwé saka ULUN)
· pambusunya (sadulur paling cilik saka ULUN)
· badangsanak (sadulur kandhung)
Yèn ngeluk wong kang seumuran, bisa gunakake ikam, lan uga bisa gunakake tembung aku kanggé nuduhaken awake dhéwé. Dhewe kanggé ngurmati utawa nyeluk kang luwih tuwa, gunakaken tembung pian, lan tembung ulun kanggé nuduhaké awake dhéwé.
Adhedhasar asil wawancara langsung karo wong kang tau gunakake, gaman tradhisional suku banjar kang padhatan digunakaké saben dina ing antarané:
Serapang yaiku tombak mawa mata lima. Patang mata mekar kaya ta cakar garudha kanthi bait pengait ing saben pucuke. Siji mata manèh ana ing tengahing bait, kang sinebut “besi lapar” kang dipercaya bisa ngrubuhake wong kang duwé ngèlmu kebal.
Tiruk yaiku tombak dawa lurus tanpa bait kanggo golèk iwak gabus lan toman ing kali.
Pangambangan yaiku tombak lurus mawa mata siki kanthi bait ing sakloron sisine.
Duha yaiku lading mata loro ingkang biyasa digunakaké kanggé bedhag babi.
Suku Banjar minangka suku angka 8 paling akèh ing Indonésia Miturut sensus BPS taun 2000 populasi suku Banjar kira-kira semene:
Miturut situs "Joshua Project" cacahing suku Banjar ana
Miturut sènsus kang ndunungi taun 2000 déning Badan Pusat Statistik (BPS), populasi suku Banjar ing Kalimantan Kidul ana 2.271.586 jiwa, kang kadistribusi ing sawatara kabupatèn lan kutha, yaiku:
Wong Banjar Hulu Sungai kang micara Basa Banjar Hulu ana ing 6 kabupatèn (Banua Enam) yaiku:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.